Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-32-33)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 03 Agustus 2023 08:43 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-07a-32-33)


Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

patrol tek-tek=patrol tong-tong: Artinya sama dengan patrol somah.

pejala: : (tidak ada keterangan-red).

pekarangan: tanah yang ditempati untuk satu atau dua rumah.

Pak Mala iku manggon ring pekarangan werane kurang luwih saprapat  bau akeh tandurane wit klapa lan liya-liyane.

pèlasan: jukung yang menebar pancing sambil jalan, sementara umpan pancingnya adalah bulu ayam’

Si Wadi iku teka mancing pelasan ulih iwak tengiri lan iwak tongkol.

peloporan: 1.  Nama orang pengayah untuk perjalanan jauh dan harus punya gerobak kuda.

Pa Kardi iku dadi peloporan, yen (kadhung-red) petinggi pinuju menyang kebon kopi ngajak peloporan kanggo nggawa sangu panganan lan liya-liyane.

                2. Nama pijakan yang ada di bagian belakang kereta.

Si Madi ngiring Kangjeng nitih kreta nunggang ring peloporan (melopor).

pendhapa: bangunan di bagian depan rumah.

Uni bengi akeh para priyayi-priyayi Kumpulan ring pendhapa kabupaten.

pendhèga: nama kuli (matrus) perahu.

Prau penambang barang-barang iku punggawane ana wong 5, siji aran juragan (juru mudi) kang 4 pandhega. (Prau penambang barang-barang=cunia).

pengayah: orang yang melaksanakan pengerjaan jalan negara dan lain-lain.

Petinggi dina iki ngetoni 20 wong pengayah nyang bageyane lurung nggelar krikil.

pengantèn: Orang laki dan perempuan yang duduk bersebelahan di pelaminan dan dihiasi bunga-bunga, sekujur badannya dibedaki atal.

Uni bengi rame wong mlaku arep nonton penganten ring umahe Si Darsana.

penglaré=penglari: Nama kayu tulangan rumah yang ujungnya menumpang di lambang (pangeret) kanan kiri.

Si Hadi tuku kayu balok dawane 5 depa bakal kanggo penglare umah.

pengarus=penggarus: itu istilah penjual untuk pelanggan yang pertama kali datang.

Si Selo iku ana ring pasar dodol duren lan manggis, wis suwe ulihe dhasar durung ana payune, sing suwe ana wong tuku duren, duren siji ditawa 5 sen Si Selo iya aweh kambi clathu: ya wis kanggo penggarus! Tujune kang liyane ndang (gancang-re) gelis payu.

penglaris: artinya sama dengan pengarus.

peningset=pikukuh: nama barang yang diberikan orang yang hendak jadi pengantin berupa pakaian dan kelengkapannya. Misalnya: 1 ali-ali, 1 pasang gelang tangan, 1 pending (sabuk), 1 klambi, 1 tapih lan 1 pasang selop.

Si Suwana iku uni bengi aweh peningset menyang bakale aran Si Suwarti, tandha yen (kadhung-red) wis tetep ulihe bakalan (pacangan).

pencak=pesilat: nama tontonan, yang bermain dua orang, sambil memegang pedang, diiringi 2 kendang, 2 kempul, dan 2 kethuk (ning nong), yang menabuh 5 orang.

Isun mau mlaku-mlaku mbeneri (ketepakaan-red) ana wong nanggap pencak, akeh wong kang teka padha nonton.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor