Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-46-47)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 10 Agustus 2023 07:58 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-07a-46-47)
Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

 

tandha= tetenger.

Si Ali iku duwe pitik babon putih, ilang sing karuwan lakone, sikile kang kiwa nganggo tandha gelang kawat kuning.

tawang alun: Nama raja jaman kuna, menurut Sejarah Blambangan Pangeran Tawang Alun itu berkedudukan di Kedhawung, lama-kelamaan keratonnya pindah ke Macan-putih.

tebasan=borongan: beli untung-untungan.

Si Wadi iku tuku tebasan pari kang wis kuning sebau rega f75. Bareng (sarta-red) wis panen pari diedol payu f100 dadi olih untung f25.

tebasan adolan: Memborong barang jualan yang harganya sudah ditentukan oleh yang punya barang.

Si Sumar iku mborong tebasan adolan jagung pengaji f1,50 didol payu f2 dadi olih bathi f0,50.

tebasan garapan: Memborong untuk menggarap lahan sawah dengan imbalan uang.

Si Bodhos nggarap sawahe Si Labu tebasan Garapan sebau f10.

tegal=plekat= alun-alun: tanah lapang yang sering untuk keramaian.

Uni bengi ring tegal ana tontonan komidhi Setambul (kumidhi cerita) akeh wong kang padha mlebu nonton.

tembang: bersuara dengan lagu.

Si Wadi iku yen (kadhung-red) nembang suwarane apik, paran maning yen tembang pupuh Sinom kepenak dirungokaken.

carik: Juru tulis desa.

Si Suwadi iku ulihe dadi carik ngerangkep penggawean buku-buku telung desa, pengarahe (tujuane-red) pengasilan bisaha olih akeh.

cengcengan (panjer): Uang untuk menguatkan perjanjian.

Gandrung iku wis nrima cengcengan picis f5 teka ring Sukardi, bakal ditanggap mbesuk tanggal 5 wulan ngarep iki, mangka sajrone tanggal wulan kang kasebut, yen (kadhung-red) ana wong liya bakal nanggap, si Gandrung sing bisa trima (nuruti) awit (merga-red) wis terima cengcengan (panjer).

cikal: Bibit kelapa.

Si Muladi iku ulihe ngundhuh klapa dipilih kang kiring (kulit semu ireng) bakal digawe cikal.

cina mindringan: Memberi hutang uang dengan bunga 20%, pembayaran dicicil setiap hari atau sebulan sekali.

Isun utang picis f2,50 nyang Cina mindringan iku, ditulis duwe utang f3 dadi sadina nyicil 10 sen x 30.

cundhuk laris: (Tidak ada keterangan-red).

cupu=cepuk: nama wadah dupa atau kemenyan, terbuat dari kayu bentuknya mirip durian atau manggis.

Si Rumasih iku tuku dupa lan menyan diwadhahi ring cupu.

colok: Orang suruhan untuk memberi tahu.

Si Jaka uni bengi mlayokaken lare prawan aran Siti, sing suwe wong tuweke Si Jaka kongkonan dulure lanang dadi colok nyang wong tuweke Si Siti aweh weruh yen (kadhung-red) Si Siti diplayokaken (digawa Si Jaka).

tukang angkruk: Tukang membuat Lawang Seketeng dengan atap seng dipasang di depan rumah.

Si Labu iku tukang angkruk, dina iki ngedegaken angkruk ring dalan ngarep umah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor