Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-47-48)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 11 Agustus 2023 07:59 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira (W74-07a-47-48).


Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

 

tukang bajing (cuwut): 1. Orang yang pekerjaannya mencari bajing dengan senjata tulup.

Si Marsa saben dina nyang kebon-kebon nulup bajing, mulane saben wong ngarani tukang bajing.

                2. Pembohong.

Si Taha iku saben wong ngarani tukang bajing, awit (merga-red) akeh wong kang keneng barange diapusi.

tukang laden (jongos): orang yang mengatur ketersediaan makanan.

Isun mau kundangan selametan ring umahe Si Brata kang tukang laden Si Sumantri.

tukang sapon: Orang yang kerjaannya bersih-bersih dengan menggunakan sapu lidi sebagai alatnya.

Ing pasar iku saben dina nganggo tukang sapon wong loro utawa wong telu.

tukon (tukwan): Barang yang sudah dibeli (dibayar).

Isun nyang pasar rupa-rupa kang sun tuku, bareng (sarta-red) mulih ana ring umah dadk (cumpu-red) tukon gula pasir klalen ring toko kang sun tukoni.

tulung-tinulung: bergantian membantu untuk segala jenis kerjaan.

Si Karsa iku saben ana tanggane karepotan paran bain gelis nekani tulung, bareng (sarta-red) Si Karsa arep ngedegaken payon umah, kabeh tanggane padha teka tetulung (tulung-tinulung).

tumenggung (bupati): Nama jabatan.

R. Sasrasuganda iku nggone dadi patih wis lawas, saiki dening (ambi-red) pamrentah agung diparingi pangkat Tumenggung.

tuton: nama beras.

Pari ditutu iku berase diarani beras tuton.

toya brem: air tape ketan.

Kula wau nginum (ngunjuk) toya brem raosipun manis, madharan (Tengah) kraos anget.

tong ngebhan: (Tidak ada keterangan-red)

towa-towa (Basa Madura):  (Tidak ada keterangan-red)

wayang: nama sebuah tontonan dan bermacam-macam jenisnya.

wayang purwa iku kang digawe kulit sarana ditatah bolong-bolong; wayang krucil iku kang digawe kayu sarta tipis; wayang golek iku kang digawe kayu sarta wungkul saemper (kaya-red) wong; wayang wong iku titirone wayang purwa kang dadi wong.

Isun uni bengi nonton wayang purwa ing umahe Si Sunarta mbeneri (tepak-red) lakon Gambir-sawit (Angkawijaya kawin).

wage: nama pasaran, biasanya ditulis dengan harinya. Misalnya Senen Wage.

Mak Soma mengko esuk arep selametan ring kebonan mbeneri (tepak-red) dina Senen Wage.

wakab (wakap): derma. 1. H. Hasan iku duwe lemah tegalan, werane kurang luwih rong bau digawe wakab kanggo kuburan.

                2. Bangunan untuk sembahyangan.

H. Hasan iku ulihe gawe payon gedhong wis mari kanggo wakab (panggonan sembahyang).

waki (Basa Arab):  melindungi.

wali: 1. Orang yang sudah dipasrahi oleh orang tua (ayah) calon penganten perempuan untuk menikahkan dengan orang laki.

Si Asmara dina iki munggah kawin lan (ambi-red) bakale aran Si Darma, sinebut wali bapak (wong tuweke lanang Si Asmara.

                2. Orang yang tajam “penglihatannya”, apa yang disabda banyak cocoknya, memang jadi pepundhen banyak orang.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor