Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-5-6)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 20 Juli 2023 08:22 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-07a-5-6)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
bawon=salahan: Nama ikatan padi hasil dari orang yang panen.
Si Darsini iku yen (kadhung-red) nggampung wis olih bawon papat.
batik: nama corak atau rupa.
Si Kartini iku teka pasar tuku tapih batik liris.
bekel: asisten wedana
belambang: (tidak ada keterangan)
belantik: orang yang disuruh menjual hewan, apabila tidak mendapat untung, hewan akan dikembalikan kepada yang punya hewan.
Si Kardi iku mblantik sapine Si Bana olih bathi sarupiyah.
bènjang=bènjing (besiki): esok hari.
Pun Saliya punika benjang badhe kesah dhateng sabin murugi singkal.
besar: 1. Haji, nama bulan.
Wulan Besar iku dadi ucapaning wong kampungan, kalumrahane yen (kadhung-red) arep ngawinaken anake (mantu) iku sajrone wulan Besar.
2. nama kartu lintrik, warnanya merah, menjadi pembesar kartu pinci atau wong cilik.
Isun uni bengi main lintrik lima, wewehan lintrik sun deleng olih besar siji, sasuwene main kartu kari siji padha siji. Isun nyekel besar, bareng (sarta-red) dimain dadak (cumpu-red) metu wong pinci nuli (aju) Sun antem besar, wis mesthi bain si pinci kalah lan (ambi-red) besar.
bibit: benih, nama tanaman yang baru tumbuh, masih muda dan kecil.
Si Ari iku ngatur tingkesan bibit pari ana ring kedhokan bakal (arep-red) ditandur.
bilal: nama petugas masjid tukang adzan.
Si Sarip iku dadi bilal, yen (kadhung-red) pinuju (ngarepaken-red) dina jumuwah adan ana ring menara.
blandar+glandar: kayu tulangan rumah untuk menyangga erap paling bawah.
Si Sumarta iku dina iki nyalini blandar umah.
blatèran: 1. Nama anakan sapi.
Babon sapi Madura, lanangane sapi rambon Jawa, yen (kadhung-red) metoni anak diarani blateran.
2. Orang yang banyak pengetahuan karena sudah merambah tempat-tempat lain.
Si Darsa iku pancene lare blateran, yen (kadhung-red) diajak megawe paran bain musti bisa, paran maning bab ngomong paran bain, luwih pinter tinimbang kanca-kancane.
bubu (bs. Medura)=wuwu=kicir: alat penangkap ikan.
bujang (lancing): anak lelaki berumur 14-15 tahun.
Si Andon takon Nyang Buwang, clathune: Si Kusmin iku apa wis rabi? Si Buwang nyahuri (semaur-red): magih bujang!
buru tatabhan: berlari tataban.
buwangan=prantèan: orang yang terhukum bertahun-tahun. (prantean=orang yang dirantai-red).
Isun mau nemoni wong buwangan loro, kang siji gulune nganggo kalung wesi, sarta diiring upas pulisi menyang buwi (penjara-red).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.