Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-7-8)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 21 Juli 2023 09:47 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-07a-7-8)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

bongkoran: tanah tegalan yang berubah menjadi seperti hutan lagi dengan tanaman-tanaman kecil.

Si Dul iku duwe lemah tegalan werane kurang luwih rong bau, wis setahun iki sing dirumati, mulane dadi alas bongkoran.

borg (boreg utawa boreh): (tidak ada keterangan-red)

boru sipaimpe: (tidak ada keterangan-red)

borongan= untung-untungan.

Isun mau ana ring pasar tuku barang Borongan rupa: 1 sarung, 1 udheng, lan sak klambi (3 ½ udheng) encit rega f1.50. Sun dol maning payu f1.75, dadi olih untung f0.25

bocah samèn (besiki): anak lelaki yang beranjak besar yang baru punya perhatian (nglawungi) kepada orang perempuan.

Pun Sana punika bocah samen, menawi methuki tiyang estri radi klimis (aju) saben dinten dipun klenceri.

danhyang desa: danhyang desa iku ateges dhedhemit kang ngreksa sajrone desa dadi pepundhene wong sak desa, mulane wong-wong sajrone desa saben tahun padha nganakaken gawe selametan lan nganggo keramean tontonan rupa-rupa, tujune mulyakaken danhyang desa, sahingga saprene saben desa magih dilakoni, mung bain disebut bersih desa (kampung), mungguh pranatane slametan lan kramean magih tetep miturut carane desa dhewek-dhewek.

Umpamane: Uni bengi ring umahe petinggi slametan utawa bersih desa, nganggo kramean tontonan wayang, lan akeh wong liya desa kang teka padha nonton. (Contoh kalimatnya tidak menggunakan kata danhyang desa-red).

denawa: Polisi desa.

Pa Manta iku dadi denawa, saben-saben ngiringaken wong sajerone desane menyang kantor polisi.

desa: kampungan di luar kota.

jaban: 1. Tanggapan gandrung kang dijogedi dening wong penonton sarta nganggo tomblok, ulih-ulihane kang duwe gandrung.

Umpama: Si Kusmin uni bengi nanggap gandrung jaban, akeh wong kang padha teka sarta padha njuged ganti-ganti.

         2. orang yang bukan kalangan sentana (priyayi).

Bangsa priyayi (sentana) iku yen (kadhung-red) anake kumpulan lan (ambi-red) wong njaban so kora aweh (sing ngulihi-red), awit (merga-red) dinyana (dianggep-red) kurang adat.

jait panjang (jait dawa-red): nama kayu tulangan rumah adat yang menancap pada tiang, di bawah penglari.

jait cendhek: nama kayu tulangan rumah adat yang menancap di bawah lambing (usuk).

Si Andon iku ngedegaken bancangan (payon) umah, kang dipasang sulung jait cendhek nancep Nyang saka kiwa tengen nuli (aju-red) masang jait Panjang (dawa) uga nancep Nyang saka sakngisore penglari.

jakat: anakan yang dikeluarkan setiap tahun.

Miturut pranata agama Islam, wong kang duwe picis simpenan (duwit meneng) ing dalem f100, mesthi aweh jakat dhuwit f2,5 nyang wong miskin.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor