Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-9-10)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 22 Juli 2023 07:21 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira: (07a-9-10)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

jaka=lancing: anak lelaki berusia 14-15 tahun.

Lare lanang iku yen (kadhung-red) wis jaka kang lumrah suwarane mecah malih (uwah dadi-red) gedhe.

jala: nama alat untuk menangkap ikan di sungai atau di laut, dibikin dari benang kasar, dianyam agak jarang.

Si Wadi iku ulihe nganam jala wis mari dawane 2 1/2 dhepa.

jalma lelaki sepikul, jalma estri segendhong (tidak ada keterangan-red)

jaring: nama alat untuk menangkap ikan laut yang dibikin dari karung agel disambung-sambung sampai 150 dhepa; jaring juga bisa dipakai menangkap menjangan atau kijang dibuat dari tali rami kasar dan dianyam mirip anyaman jala dan jarang, dan jaring burung perkutut, jalak, glathik yang dibuat dari benang kasar dianyam mirip jala.

jaring kolèkan: nama alat untuk menangkap ikan laut yang dibikin dari karung agel disambung-sambung sampai 150 dhepa atau lebih, di tengah-tengahnya ditambahi kantongan Panjang untuk wadah ikan yang sudah masuk dalam jarring.

Isun mau ndeleng wong narik jaring kolekan ana ring tengah segara kancane kira-kira ana wong 8, bareng (sarta-red) ulihe narik wis parek lan kanthongan nuli (aju-red) diunggahaken Nyang njero kolekan. Kolekan iku arane sampan gedhe.

jaring blandhungan: jaring untuk menangkap nènèr, yang dibikin dari kain lawon jarang, lebarnya kurang lebih 1 udheng, pinggirannya ditaruh kayu atau rotan utuh dibentuk seperti capit udang untuk pegangan.

Si Taman iku nggawa jaring blandhungan nyeser nener pinggir segara.

jaruman: mak comblang.

Si Kuming iku wis lawas ulihe dhemen Nyang si Kustiyah (prawan), arep ngomong dheweke isin awit (merga-red) durung tau wawuh (ngomong), nuli (aju-red) nemoni Mak Tarom dinggo  jaruman dikongkon ngomongi Si Kustiyah bakal digawe rabi, yen (kadhung-red) bisa ngenengaken bakal olih upah f10.

jukung jaring: jukung jaring bentuknya sama dengan jukung untuk memancing tetapi bentuknya lebih besar, nelayannya ada 5 orang.

Isun mau menyang bum nemoni jukung jaring buru teka njaring iwak ulihe akeh, sing suwe akeh wong wadon teka padha tuku.

jukung mancing:  jukung yang berhenti di tengah laut sebagai sarana memancing ikan.

Isun mau ana ring bum nemoni (ndeleng-red) jukung mancing wonge jak loron.

jukung pelasan (jukung pelas): jukung yang berjalan terus sambil dipakai memancing.

Jukung pelasan iku olih-olihane iwak tengiri.

julung: (tidak ada keterangan).

jumadilakir: nama bulan.

Sajerone ulan Jumadilakir iki wong-wong sajerone kampung sing ana kang duwe gawe ngawinaken (bakal mantu), mung rame wong ngateraken Nyang bum wong kang arep budhal haji menyang Mekah.

juragan: biasanya disebut kepala, orang yang menjalankan jukung (prau); atau kepala perdagangan.

Pa Taha iku juragan jukung penjaring.

Si Marta iku juragan dodolan jarit-jarit.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor