Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (27)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 02 Juli 2023 08:06 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-27)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

nyudhet= nyundhang, melukai dengan memakai tanduk.

Isun sore nyang bum nemoni kebo ngamuk nyudhet wong dodol iwak segara.

nyelepani=nyemoni: menyindir, ngomong sesuatu yang lain, sebenarnya ditujukan untuk orang lain.

Gandrung iku yen (kadhung-red) nggandhang nyelepani nyang wong kang padha nonton.

nyebrak: membelah bambu utuh.

Pa Sana iku nyebrak jajang kanggo gapit gedheg (pager).

nyeliwah: 1. Geseh, tentang janji yang tidak ditepati.

Si Sarah lan Si Minah padha semayan mengko soren padha menyang pasar, bareng (tepak-red) tekane semaya (soren) Si Minah diajak sing gelem, Si Sarah nuli (aju-red) clathu: duwe janji nyang wong iku aja nyeliwah, mundhak (nggarahi-red) dadi tukaran.

                2. nyeliwah, menerangkan pakaian yang tidak sama.

Si Karta iku nganggo kathok (sruwal) rupane nyeliwah, kang selisih abang, kang selisihe putih.

madak: masa, pernyataan yang menunjukkan ketidakpercayaan.

Si Marsa lan Si Samad padha padu arep tukar, Si Marsa clathu: Sira iku ngomong klendi bae (bain-red) madak dipercaya ring wong, awit (merga-red) gubaban (ahli goroh).

magih: masih.

Si Darma iku arep nyang kebonan durung budhal, magih ana udan angin.

mangluh=maido: artinya mengingatkan.

Si Darta iku ing dina iki sing sekolah merga udan, Si Bapak mangluh: ngapaha (apuwa-red) sing nyilih payung.

mrangsud: melorot, turun dari memanjat secara terburu-buru.

Si Marta iku menek wit jambe, bareng (sarta-red) tekan ring dhuwur dikrubuti semut, nuli (aju-red) mrangsud.

mandahneya: alangkah, menyatakan keinginan.

Si Karta lan Si Naya padha bebarengan mlaku-mlaku, ana tengah dalan methuki wong nyuwun langsat, Si Karta clathu: mandahneya manise langsat iku.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor