Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (28)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 03 Juli 2023 08:19 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-28)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
madhang: makan nasi.
Si Karta lan anake padha madhang ana ring pelanca.
maning: lagi.
Si Siman iku wis mangan, bareng (sarta-red) weruh kancane padha mangan, nuli (aju-red) njaluk mangan maning.
mangu-mangu: tidak ada yang dikerjakan. Duduk (atau berdiri) dengan tolah-toleh.
Si Mangun mangu-mangu ngarepe umah.
mata walangen: matanya membelalak, jarang berkedip.
Si Dul iku saben-saben mata walangen, sun kira ana kang dipikiraken.
munyik: tersenyum, tertawa tanpa suara hanya giginya yang kelihatan.
Si Mariyam iku yen (kadhung-red) dianthuki nuli (aju-red) munyik.
menyang; pergi.
Mak Mus iku menyang kebonan wis limang dina iki durung ana teka.
mrujuk (mletik=thukul): itu menunjukkan biji tumbuhan yang tumbuh.
Isun ndhedher wiji langsat wis merujuk.
maha: sengaja, melakukan pekerjaan yang sudah diketahui mencelakakan.
Si Musa iku saben-saben diengetaken ring bapake, aja ngganggu tawon mundhak disenget, Si Musa meksa ngganggu, sing suwi, telapukane mata disenget, tangise bengak-bengok, Si Bapak marani ambi clathu: Sira iku pancen maha, sing ngerungokaken omonge wong tuwek.
mloco: menerangkan barang yang lompat dari genggaman tangan.
Isun mau layangan, bareng (sarta-red) keterak angin deres bolake kang sun cekeli dadak (cumpu-red) mloco, bolak digawa layangan kabeh.
mangga (besiki): ayo, artinya mengajak.
Si Marta lan Si Dul padha ngelencer menyang bum, bareng (sarta-red) ana ring tengahe lelakon Si Marta clathu: Dul ayo balik mulih, ring bum jarene ana kebo ngamuk.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.