Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (29)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 04 Juli 2023 06:21 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-29)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
memengan: bermain, untuk menerangkan anak-anak yang bersenang-senang.
Lare-lare iku padha memengan playon, sengidanan lan liya-liyane.
metaunen=metumanen
Pa Kasim iku ngukum anak-anake ambi clathu, sira iku metaunen nggawe nesune wong tuwek bae (bain).
melar: membajak tanah kebun.
Isun mau Nyang kebonan ndeleng wong melar wis mari.
mlencat: melompat, salah satu kaki menjejak tanah lantas bergerak melangkah.
Si Kusmin iku mari mlencat melangkah ring slokan sawah, sukune krasa lara.
mrengkal: melawan perintah.
Si Buwang iku yen (kadhung-red) diperintah rundha kampungan mrengkal.
myakne (dimyakne): biarkan.
Si Parlan iku myakne mlaku sekolah.
mendhil: 1. Perumpamaan untuk perut buncit (bedhis), seperti pendhil (kendhil).
Lare ikun wetenge mendhil.
2. Kotoran tikus yang bercampur dengan beras.
Si Suma nempur beras akeh mendhile.
melid: sifat orang yang tidak mau memberi kepada orang lain.
Mak Bodo siku sugih (sandhang pangane cukup) nanging melid, sing tau aweh-aweh Nyang tanggane, paran maning disilihi barange, pengakune sing duwe.
meteng (bobot): hamil.
Si Patimah iku yen (kadhung-red) umah-umah wis lawas, bareng (sarta-red) sajrone taun iki buru meteng.
melung: berteriak, suara yang keras.
Isun uni bengi rungu suwarane wong melung, bareng (sarta-red) sun nyatakaken si Marwiyah diukum lakine.
muyab: sembrono, untuk anak tidak tahu adat.
Si Musa lan Si Salam iku lare muyab, saben mlaku liwat tengah kampungan, padha bengok-bengok nyuwara kang sing patut.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.