Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (37-38)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 12 Juli 2023 08:18 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-37-38)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik. Iki bendhel hang nomer siji wis entek.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

ngandha: kesana kemari mencari pasangan perempuan.
Wedhus pelèn iku kuwat ngandha, mulane awake gering.


ngomplong: 1. Pintu yang terbuka.
Lawang pawon iku ngomplong, mulane pitik akeh kang padha mlebu.
                      2. Cangkem hang mangap.
Si Sarli iku ulihe ngrungokaken suwarane gramapun cangkeme sampek ngomplong.


ngonjos: ngomong untuk memamerkan.
Si Sarmin iku yen (kadhung-red) ngomong ngonjos, pengakune duwe sepedha sanyatane sing duwe.


ngondol=nggembol, membawa sesuatu dalam kain yang sedang dipakai.
Si Manan iku teka ring sawah ngondhol timun.


ngumbruk: ayam sakit yang bulunya berdiri.
Pitike  Si Murtam iku akeh kang ngumbruk.


ngogrog: jongkok.
Lare-lare iku padha ngogrok ring dalane wong nyang kali.


ngewer: melucu, orang yang omongannya jadi bikin orang lain tertawa.
Si Dul iku geleman ngewer, yen (kadhung-red) ngomong dadi guyu.


ngeléwung: berputar, untuk jalan yang berbeloknya panjang.
Isun munggah nyang gunung, dalane ngelewung nurut pinggir terus munggah mendhuwur.


ngemèk: menangkap ikan dengan cara digerayang pakai tangan kosong.
Si Dul uni bengi ngemek ring kali ulih akeh, rupa iwak wader lan lele.


nglempuh: berhenti berjalan karena kecapaian.
Isun mlaku ndharat nyang kebonane Si Kusmin, bareng (sarta-red) tengah lelakon nglempuh.


ngèdèng: punggung yang membungkuk karena keberatan.
Lare loro padha mikul banyu, kang ana ring ngarep saking sing kuwate boyoke sampe ngedeng.


ngecit mata: mencolok mata menggunakan jari telunjuk.
Mak Sura iku yen (kadhung) nguwel lare geleman ngecit mata.


ngeleng: memotong pohon.
Si Usman iku nggawa wadhung, kanggo ngeleng wit kayu asem kang rubuh ring tengah dalan.


pulung=encok, nama penyakit yang sering ada di mata  atau di dalam dada, datangnya sewaktu-waktu.
Si Marta iku sing bisa melebu nyang pegawenane, amit (merga-red) kumat pulunge.


gemulak: mendidih.
Si Marsih iku nggodhog banyu wis gemulak.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor