Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 23 Agustus 2020 07:25 WIB)

Seruwal Cemeng Kelambi Cemeng


Dina Sabtu hang dianten-anteni Sarjan wis teka. Soren iku rupane Sarjan katon seneng, sing biyasahe jam papat soren wis mari denden seru katon nggantenge. Rambute dilengani lan digaru katon kelunyum, sing lali nganggo lenga wangi disemprotaken sak awake. Wangine semebrung kaya ana jin liwat.

“Sarjan, Sira arep nyang endi Lik, kari katon berahi lan wangi?” emake takon ambi heran.

“Arep nyang umahe Suryani Mak, semayanan arep ndeleng biskop," saure enteng.

“Jeh.. hang temenantah Sira ngomong iku Lik,” emake sing percaya.

“Iya Mak endane Isun gubab, Suryani wis dadi dhemenanisun Mak," suwarane tegas.

“Yeeh.. ya wis dhung gediku, engko Sira sing dikanggokaken ring wong tuweke Suryani. Isun ngarti kelendi lagute wong tuweke," emake ngengetaken Sarjan.

Marek magrib, Sarjan pamit nang emake melaku nyang umahe Suryani. Sedawane dalan, Sarjan gendhingan ring njeru atine. Rasa senenge sing ana hang bisa ngganteni nang senenge arep nonton biskop bareng ambi Suryani. Indahing donya wis gemelerep ring angen-angene, dhung bengi iki iyane bakal keloronan ambi kembange atine.

Sing suwe, Sarjan wis gadhug nang ngarep umahe Suryani. Mudhun teka sepidhah jengki, Sarjan ndudut garu lan kaca cilik teka sak celanane. Ambi kacaan, dipecikaken maning rambute hang rada mawul keneng silire angin ring dalan. Ditata maning kelambine, aju njangkah nang ngarepe lawang umahe Suryani.

“Assalamu’alaikum,” Sarjan uluk salam ambi nothok lawang.

“Walaikumsalam," suwarane bapake Suryani njawab salame Sarjan ambi suwara anter.

“Nggoleti sapa Sira?” Man Montro takon ambi ngenekaken lawang.

“Suryani Pak, Kula dhemenane wau pun semayanan ajeng ningali biskop,” Sarjan semaur ambi rada wedi.

Sing suwe Suryani metu nemoni Sarjan hang sing katik dikongkon melebu nang Man Montro. Wangune Man Montro sing dhemen dhung Suryani sirsiran ambi Sarjan. Embuh merga paran wong tuweke Suryani gething nyang Sarjan. Suryani salaman nang bapake aju pamit melaku ndeleng biskop ring lapangan.

“Pak, Kula melampah,” pamite Suryani.

“Iya... taping sulung Isun arep ngomong nang Sira keloron.” Man Montro ngendheg.

“Napuwa Pak?” Suryani takon nang bapake kepingin weruh.

“Isun idini cukup sepisan iki bain Sira metu ambi Sarjan," omonge Man Montro. “Lan kanggo Sira Lik Sarjan, aja maning-maning Sira teka nang umahisun. Sira sing isun ulihi ndhemeni anakisun, kerana Suryani wis isun jodhohaken ambi wong liya,” suwarane Man Montro nyelenget ring kupinge Sarjan.

Sarjan ambi Suryani melaku ninggalaken umahe nyang lapangan ndeleng biskop netepi semayane. Sak dawane dalan wong loro sing ana omonge. Atine bingung lan kebimbang nang omongane man Montro. Durung gadug panggonan ndeleng biskop, Suryani ngongkon Sarjan mandheg ring dalan.

“Kang, mandhega!” jaluke Suryani nang Sarjan.

“Apuwa Dhik mandheg, durung gadug yah," saure Sarjan.

“Rika sing kepikiran ambi omongane bapak mau tah?” takone Suryani.

“Ya kepikiran Dhik, marine kelendi maning bapakrika sing setuju iku," jawabe Sarjan.

“Taping Isun wis welas temenan ambi Rika ya kang," omonge Suryani melas.

“Jeh Dhik... Seruwal Cemeng kelambi cemeng, dikumbah masa kira luntura," ucape Sarjan nganggo basanan.

“Maksudrika paran kang, Isun sing paham," Suryani bingung nang omonge Sarjan.

“Maksude gedigi Dhik.. Bapak sing seneng emak sing seneng, dicegah sing kira mundura," Sarjan njelasaken artine basanane.

“Dadi kareperika kelendi kang?” Suryani takon maning.

“Serehne bapakrika sing setuju, ya rika isun pelayokaken Dhik," saure Sarjan.

Sarjan ambi Suryani balik ring dalan sing nerusaken niyate arep ndeleng biskop ring lapangan. Sarjan nggawa Suryani mulih nyang umahe. Atine Sarjan wis sing keneng dibilukaken teka Suryani. Niyate arep melayokaken Suryani wis manteb ring bengi iku. Gancang-gancang Sarjan mancat sepidhahe makene gelis gadhug umahe. Semunu uga Suryani, atine wis kejala sutra nang Sarjan. Iyane nurut bain paran hang dilakoni Sarjan pokoke bisa urip keloronan ambi Sarjan.

Wayah jam pitu bengi, Sarjan ambi Suryani wis gadhug umahe. Sing kathik uluk salam gage-gage Suryani diajak melebu nang jeru umah. Ring bale ana emake Sarjan gesah ambi bapake. Katone emak ambi bapake sarjan heran gok Sarjan wis mulih ambi Suryani pisan digawa nang umahe. Durung sampek emak ambi bapake takon, Sarjan wis nyelethuk.

“Pak, Emak... iki mantunrika Sun jak mulih,” ucape Sarjan tanpa duga.

“Mantunisun kelendi karepira Lik," Man Jumhar takon sing percaya.

“Iya pak, Suryani Sun pelayokaken, isun colong, bapake sing setuju ambi isun," semaure sarjan maning enteng.

“Masyaallah Lik... sing ana udan sing ana panas, mara-mara anake uwong dicolong Sira iki,” Man Jumhar thingel-thingel. “Aju Isun nak ngomong paran nyang bapake Suryani iki,” Man Jumhar tambah bingung.

“Iku urusanrika Pak kelendi mupakate. Hang penting Suryani wis Sun gawa mulih," omonge Sarjan sukur mecothot.

Suryani ambi emake Sarjan mung meneng bain sing ana omonge lungguh ring bale umah. Man Jumhar magih bingung mikir kudu kelendi. Iyane bolak balik melaku nang bale umah ambi muter uteke ngerasakaken kelakoane Sarjan. Rada suwe man Jumhar mara nang Suryani hang lungguh ring kursi.

“Beng... kelendi Sira welas temenantah nyang anakisun?” takone Man Jumhar.

“Enggih Pak, Kula welas temenan mangkane Kula purun dicolong," saure Suryani.

Rungu saure Suryani pikirane Man Jumhar kelayung-layung. Iling bengene kelendi iyane dhemenan ambi emake Sarjan. Maratuwane hang saiki iki bengene sing ngawehi iyane ulih Jumanah. Tekad dhemene wis sing keneng dipenggak.

“Yaiki, hang aran kelambi cemeng seruwal cemeng dikumbah masa luntura,” ucape Man Jumhar nong jero ati.

“Iku arane karma Kang, kelakoanrika nurun nang anakrika. Isun bengen ya rika pelayokaken,” suwarane Bik Jumanah ngagetaken pikirane Man Jumhar hang nerawang.

“Uwis aja dipikir jeru gediku, gancang nyango umahe Montro kana ambi nggawaha colok," kongkone bik Jumanah nang man Jumhar.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf