Setaun Ikobe, Ngimpi Duwe Koperasi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 14 Desember 2020 07:22 WIB)
- Laporan
Ndeleng magih akeh anggotane hang kelebu durung mampu ekonomine, Ikatan Keluarga Banyuwangi Korwil Bekasi (Ikobe) kepingin ngadegaken koperasi.
"Magih akeh anggota hang kudu dibantu. Kadhung ana koperasi, organisasine bisa ngadeg lebih jejeg lan bisa ngewani penggaweyan anggota hang magih nganggur," jare mbok Kurnia, pengusaha katering ring dhaerah Cibitung parek kawasan industri.
"Kepingine ana koperasi, nggedhekaken kas organisasi makene hing ngaboti wong-wong. Bisa Hun goletaken dalan umpamane suplai endhog tah uyah nong katering-katering gedhi," jare Kurnia hang perusahaan kateringe ngelayani enem perusahaan ring Cibitung, kelebu PT Tirta Alam Segar hang nggawe Ale-Ale lan mie Sedap. Masiya hang mie Sedap saiki magih mandheg merga pageblug.
Ikobe ngadeg tanggal 8 Desember 2019, setemene mung Koordinator Wilayah ring ngingsore organisasi wong Banyuwangi, Ikawangi Pusat Jakarta hang sulungan ngadeg sakat 1972.
Naming kanggone Kurnia, nyurung melakune organisasi lebih telikas Korwil timbang pusat merga kadhung ring pusat ketungkul wektu penguruse hang rata-rata duwe pegaweyan dhewek lan lokasi hang adoh-adohan nggarahi sara.
"Kadhung Korwil wonge bisa lebih kompak, panggone parek-parekan lan kadhung duwe usaha akeh hang bisa nyurung," jare Kurnia.
Hang akeh dilakoni Ikobe saiki mula iwuh sosial, mbantu anggota lan wong-wong liyane. Kaya tepak mengeti dina dadi setaun Ikobe, dina Minggu sore, para anggotane ngelumpukaken kelambi lan uga picis asile tiblakan anggota kanggo yayasan lare atim hang ana ring Cibitung.
Ikobe mengeti dina dadine ring Kafe Warna Warni Kalimalang Cibitung lan lebih 100 wong hang teka. "Dadi ya sepurane hing ngundang wong njaba merga panggonane diwatesi wong 200."
Sedurunge ya tau mbantu kang Iwan, supir trek teka Cluring hang keneng stroke lan anake akeh, kelawan nyedhiyani kursi rodha. "Saiki wonge wis bisa ngadeg dhewek teka kursine, Isun milu girang."
Mbok Kurnia milu ngerasakaken susahe merga bengen iyane dhewek ya tau urip susah sedurunge. Iyane tau dadi TKW nong Arab suwene limang taun, lan nitipaken anake loro nong kakange. Taun 1991 iyane mulih, tau dadi satpam ring PT Taisho, dadi kondektur bis jurusan Merak-Bogor, njahit kelambi lan pungkasan dodol sega sampek dadi lan gedhine saiki. Sedurunge pageblug, kateringe bisa nyedhiyani sampek 15.000 porsi panganan sedinane, saiki wis suda mung kari 8.000 an. "Hing paran-paran wis untunge tipis, hang penting bisa mangan, bisa mbayar cicilan," jare Kurnia hang ngerawati lare atim ring Banyuwangi. Umahe ana papat ring Welaran lan Panderejo dienggo homestay lan asile dienggo mangane lalare atim asuhane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf





