“Sewu Gandrung” Pamer Lukisan Poto lan Patung ring Mangsa Pandhemi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 17 November 2020 08:11 WIB)
- Laporan



Kawit dibuka gelar pameran iki manggon ana ring pelataran Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Jl. A. Yani Banyuwangi ring tanggal 14 – 21 Nopember 2020. Ana dhung akehe 65 seniman lukis, patung/relief lan potograpi hang milu mameraken karyane ring panggonan hang sing biyasahe iki.

Ring taun iki ring mangsa pandhemi covid-19 Pameran hang biyasahe manggon ring gedhung saiki dianakaken ring pelataran utawane tempat terbuka hang wera lan lancar sirkulasine. Diyah Lisiana hang dadi ketuwa panitiya pameran iki nyatakaken ya hing nyangka kadhung pameran hang wujude kaya gediki iki malah dadi instagramable. Panggonane enak lan adhem ring wayah usum ongkeb-ongkeb gediki.

Pameran iki setemene dadi agenda rutine komunitas perupa hang ana ring Banyuwangi ring saban setahun sepisan mengeti dina dadine kutha Banyuwangi hang saiki kaping 249, gediku jare Ketua panitiyane hang uga pelukis ring Banyuwangi iki.

Masiya manggon ring pelataran naming panggonane wis ditata apik lan enak kanggone penonton hang kepingin ndeleng pameran iki. Sakteruse Diyah Lisiana uga wis wani nanggung kadhung kabeh lukisan, poto lan patung/relief hang dipameraken ana ring kene bakal aman masiya ana udan sak wayah-wayah.

Barang-barang hang dipameraken ring kene ana kadhung 65 lukisan, 22 poto, lan siji relief hang digawe ambi Yanto Kamela hang awujud gandrung ana ring relief kayu mahoni hang ukurane 80x200 cm.

Kang Hariyanto salah sijine peserta pameran lukisan uga nyatakaken aman nyang lukisane gandrunge hang digantang ana ring bucu pinggir wetan madhep ngulon. Sakliyane Mas Hariyanto uga ana S. Yadi K hang majang lukisane diuweni aran “Macak”  ana ring aula pinggir kulon,  ukurane 30x40 cm. mix media. Ning sebelahe lukisane S. Yadi K ana uga lukisane Azis lan Rini hang nganggo lading palet uga nggambaraken gandrung. Ana uga lukisan ekstrim close up gandrung Taufik Oclek hang teka Genteng.

Nanang Rambut mameraken lukisan hang mediane rambute uwong, dadi lukisane iyane iki nganggo rambute menungsa aju diencepaken ring kanvase. Ukurane lukisan 100x120 cm. hang diuweni aran "Nyungkem".

Pameran iki dibuka kanggo masyarakat umum, sapa bain bisa teka lan mara ndeleng pameran. Iki penting kanggone masarakat Banyuwangi mergane sakliyane duwe nilai ekonomi hang gedhe uga duwe nilai edukasi kanggone masarakat utamane maning duwe nilai apresiasi nyang seni lukis, potograpi lan patung ring mangsa jaman susah gediki iki.

Naming kabeh hang teka ring kana kudu nganggo protokol kesehatan hang teges. Iki minangka ngati-ati nyang wabah pandemi virus corona hang saiki ring Banyuwangi tambah suwi tambah ndadi. Sakteruse Diyah Lisiana nyampekaken kadhung mara arep ndeleng pameran kudu nganggo masker diukur sulung suhune lan nganggo jarak. Kabeh kursi hang disedhiyakaken wis ana tandha-tandhane makene penonton bisa njaga jarak.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Hani Z. Noor