Silsilah Keluwarga ring Basa Jawa Kuna lan Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 15 Februari 2025 07:38 WIB)
- Kolom Bahasa Using

Basa Using (BU) asale teka basa Jawa kuna (JK). Dadi hing maido magih akeh istilah-istilah hang padha masiya akeh uga hang uwah.
Ring grup FB Belajar Basa Jawa Kuno, admine yaiku Kang Heri Purwanto ngunggah Silsilah keluwarga hang dijuwut teka kamus Jawa Kuno hang disusun PJ. Zoetmulder.
Sebutan kanggo wong tuwek. Nong BU /bapak/emak/ disebut /wong tuwek/ dudu /wong tuwa/. Taping hing ana sebutan /mertuwek/ hang ana /mertuwa/. Ring JK /mertuwa/ disebut /ramatuha/.
JK nyebut /bapa/ naming bapa iki uga dienggo nyebut wong tuwek umume, kaya hang dienggo ring BU saiki.
Ana pisan celukan /ama/ hang dialusaken dadi /rama/ utawa diwani uni bindheng /amang/. Naming /ama/rama/amang/uga bisa dienggo nyeluk dulur lanang bapak/emak. Ana pisan sebutan /yayah/ hang ring era modheren iki dadi /ayah/, naming yayah iki bisa pisan dienggo nyeluk emak.
Sebutan kanggo wong tuwek wadon /ibu/, taping sebutan iki bisa pisan dienggo wong wadon sapa bain masiya dudu wong tuwek kandhung.
Ana pisan celukan /babu/ kanggo wong hang momong lare.
Celukan liyane /ina/rena/inang/ naming ucap iki bisa pisan dienggo nyeluk dulur wadone emak. Siji maning /bibi/ kanggo nyeluk dulur wadone emak. Nong BU /bibik/ dienggo adhike emak/bapak hang wadon. Kanggo dulur tuwek sebutane /uwak/mak uwek/.
Dulur tuwek. Sebutan ring JK, /kaka/aka/ hang ditambahi uni bindheng dadi /akang/kakang/. Dialusaken dadi /raka/. Bisa dienggo nyeluk dulur lanang lan wadon. Ring BU ya /kang/kakang/ taping saiki akeh hang nganggo /acak/cacak/ niru wong Jawa wetanan.
Dulur enom. Sebutane /ari/ utawa /anten/. Ana pisan /ayi/yayi/ hang dialusaken dadi /rayi/. Ring BU magih nganggo /dhik/adhik/, bisa lanang utawa wadon.
Kakange wong tuwek. Ring JK sebutane /uwa/. Ring BU bisa /uwak/ kadhang /pak wek/mak wek/ (bapak/emak tuwek).
Ana pisan ring JK sebutan /twa/ naming biyasahe mung dienggo embok teka emak.
Adhike wong tuwek. JK ambi BU padha nyebut /paman/. Ring BU, kadhang nganggo pisan /nom/paknom/.
Kadhung adhik wadon JK nyebute /bibi/, BU nyebute /bibik/maknom/. Ring JK /bibi/ dienggo nyebut wong wadon hang diwelasi, bisa pisan kanggo emak utawa rabi.
Pasangan. JK nyebut /kuren/ 'ren' kaya ring 'rencana'. Kanggo lanange /laki/, kanggo pasangan wadone /bini/wini/ utawa /rabi/. Ring BU, anjrahe /laki/rabi/ naming saiki akeh hang luput nganggo ucap /rabi/ dienggo lanang wadon. Ucap /laki rabi/ ring BU uga bisa artine 'rumah tangga.'
Dulure pasangan. JK nyebute /ipe/ dene pasangane ipe disebut ring JK /paripeyan) ring BU /peripeyan/.
Keturunan. Hang kepisan disebut /anak/ padha ring JK ambi BU. Ana pisan ring JK /weka/.
Pasangane anak disebut /mantu/, padha. Dene wong tuweke mantu disebut /warang/, ring BU /besan/.
Anake dulur ring JK disebut /kapwanakan/ ring BU /keponakan/. Dene anake adhik ring JK disebut /pahulunan/ ring BU hing ana istilah iki.
Keponakane bapak/emak ring JK disebut /amisan/ ring BU /misan/. Dene ring BU nyebut anake misan /mindhoan/ ring JK disebut /amindho/amindwa/amingrwa/amingro/.
Wong tuweke bapak/emak ring JK disebut /kaki/ kanggo hang lanang lan /nini/ kanggo hang wadon. Ring BU disebut /kakik/embah lanang/anang/ lan hang wadon /embah wadon/adon/.
JK nyebut anake anak iku /putu/ padha ambi BU.
Keturunan ngingsore putu ring JK disebut /buyut/yuyut/puyut/ ring BU /buyut/uyut/. Ngingsore putu disebut /canggah/. Ngingsore maning /cicik/itung/anggas/ nong BU hing ana.
Hang ruwed nong BU saiki nganggo ucap serapan: papa, mama, om, oma, opa. Saya kingslep basa Usinge.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.