Sinau Basa Using, SKB Marani Komunitas
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Kamis, 12 Maret 2020 09:34 WIB)
- Laporan
Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB) saiki marani kumpulan lan komunitas kanggo sinau basa Using. "Kadhung bengen SKB nggawe nong panggonan endi, aju ngundang uwong-uwong kanggo nekani acarane, saiki diwalik SKB hang nekani panggonan-panggonan komunitas lan nggelar acarane ring kono," gedigu ujare Ketum SKB Antariksawan.
Hang kawitan, kelawan megawe bareng ambi Kelompok Pelajar dan Mahasiswa Banyuwangi (KPMB) Surabaya lan KPMB Malang, acarane arep dianakaken tanggal 21 lan 22 Maret. Hang ana ring Banyuwangi, megawe bareng ambi desa lan Karang Taruna Lemahbangdewo lan Mangir, workshope arep dianakaken tanggal 28 lan 29 Maret 2020. "Kelawan cara gedigi, muga-muga tambah akeh lare hang milu sinau basa Using utamane basa tulis baku," jare Kang Iwan.
Iwuh workshop gediki iki wis dianakaken SKB saben taun minangka nyokong literasi basa Using.
SKB hing mung ngajari nulis tapi uga nyedhiyani panggonan/mediane. Hang saben taun dianakaken yaiku Lomba Nganggit Nganggo Basa Using. Hang saben dinane ana yaiku portal basa Using belambangan.com.
"Melek basa tulis baku iki ya uga penting kanggo nggedhekaken lan nambahi ucap-ucap hang ana ring kamus bahasa Daerah Using Indonesia hang ditulis ring ruwahe Pak Hasan Ali."
Kamus hang saiki iki, kira-kira nduwe 24.000 ucap, dadi magih akeh hang durung kecathet. Kadhung digarap rame-rame tambah cepet ulihe nyathet.
Ring Surabaya lan Malang engko, workshop basa Usinge dibimbing ambi Antariksawan lan Wakil Ketua SKB Hasan Sentot. Lan hang ring Banyuwangi ditambahi para punggawa SKB liyane yaiku Moh. Syaiful, Nur Holipah lan Satria Pujangga.
Dene materine, ana sejarahe basa Using, ejaan, lan cara nulis ring media web. Akehe masalah hang mencungul merga kurang pahame hang duwe akun/masyarakat, kelawan workshop iki muga bisa nguweni dalan kelendi carane memengan medsos hang enak lan aman. Dikarepaken mbisuke, kadhung wis padha bisa nulis lan ngutahaken kekarepane arupa tulisan, kabeh potensi desa lan kampung bisa diunggah nyang medsos lan web. SKB wis nggawe pelatihan lan lomba sakat pitung tahun kepungkur, lan wis nerbitaken buku basa Using lebih teka 25 judhul.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






