Sinden Teka Hongaria Ring Pagelaran Sinden 2021
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 07 April 2021 06:58 WIB)
- Laporan
Pelatihan Sinden Using 2021 hang dikawiti ana ring tanggal 29-30 Maret 2021 bengi iku dipungkasi ambi Pagelaran Sinden Using ring dina Senin, 5 April 2021. Saklawase pelatihan para sindhen hang akehe 40, wis kepilih dadi 18 lare. Sak teruse, teka 18 diperekes maning dadi sepuluh sinden kepilih, lan ulih sertipikat penghargaan teka Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Banyuwangi.
Pagelaran Sinden Using 2021 iku ditontonaken asile sinau lan nyantrik nyang para gandrung-gandrung senior kayadene Mak Temu Misti, Mak Siti, Mak Holipah lan Mak Sunasih. Sing mung sepuluh sindhen hang ulih nduduhaken kepinterane nyindhen using naming uga 40 sindhen milu bebarengan nyindhen ana ring panggung ring pelataran Disbudpar Banyuwangi.
Gendhing-gendhing lawas kayadene, Layar Kumendhung, Erang-erang, Padha Nonton, lan Sekar Jenang hang wis dadi materi wajib gendhing hang kudu disinauni ditembangaken apik ambi para sindhen asile pelatihan. Sakliyane gendhing-gendhing repenan para sindhen uga nduduhaken asile sinau gendhing-gendhing jejeran lan pajuan liyane.
Sindhen hang akehe 40 iku keparo dadi rong kelompok, yaiku kelompok hang nganggo kelambi gandrung lan kelompok hang nganggo kelambi sindhen using. Sakteruse aju nyindhen gentenan dikawiti gendhing Jejeran Gandrung aju gendhing repenan lan ditutup ambi gendhing pajuan.
Penonton lan kabeh hang nekani kegiyatan hang disiaraken live streaming ana ring channel youtube banyuwangi tourisme iki seru dhemene serta ring kana ana bintang tamu yaiku sindhen Agnes Servozo hang asale teka Hongaria lan Diyah Safira Lida 2020. Agnes Servozo nduduhaken kepinterane nembang Gelang Alit hang ditabuhi kelawan panjak gandrungan.
Bintang tamu liyane Diyah Safira Lida 2020 (artis Liga Dangdut Indosiar 2020) iki uga milu nembang lagu Mawar Kapuronto. Sindhen bintang tamu sakkeloron iki katon bisa nambah ramene ring Pagelaran Sinden Using 2021 hang buru bain ana ring taun iki.
Diyah Safira hang taun kepungkur melebu ring peringkat 9 Liga Dangdut Indosiar 2020, seru dhemene merga ana kegiyatan hang kaya gediki ring Banyuwangi.
"Jaman isun bengen hang gediki magih durung ana. Muga-muga bain iki bisa ndadekaken tambahe ilmu ring pesindhenan Banyuwangi lan dadi pengalaman kanggone titi lakune para sindhen Banyuwangi ring taun-taun mengarep," gediku Diyah Safira nguweni keterangan nyang reporter belambangan.com.
Deny salah sijine wong tuweke sindhen asal Kecamatan Purwoharjo hang milu ring pelatihan milu seneng atine merga anake bisa milu kegiyatan iki. Masiya anake sing kepilih ana ring 10 sindhen kepilih naming iyane wis milu seneng merga anake bisa duwe pengalaman belajar sindhenan Banyuwangi. Paran maning aju diweni panggon bisa manggung ana ring pagelaran hang bergengsi iki, gediku Deny nguweni keterangan nyang belambangan.com ambi sing leren-leren motreki anake hang mentas.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Antariksawan Jusuf





