Siti Maesaroh: Juwara  Nganggit Cerita Cendhek 2020

Nur Holipah (dipublikasikan pada Rabu, 30 Desember 2020 08:24 WIB)
- Laporan



Kadhung taun 2019 sore dadi urutan keloro, ring taun 2020 iki iyane munggah ning urutan nomer siji. Kanggone mbok Siti Maesaroh, dina Minggu (27/12) dadi dina hang dianteni merga iyane dadi salah sijine peserta hang milu Lomba Nganggit Cerita Cendhek 2020. Arane dadi nung urutan paling ndhuwur, kelawan judhul cerita 'Kekarepan Sewera Kedhokan'. Kelendi asale gok Siti Maesaroh nulisaken cerita iku? Reporter belambangan.com ngejak gesah ring dina sak uwise pengumuman.

Assalamualaikum Mbok kari milu mongkog Rika ulih juwara I saiki yuh?

Alhamdulillaah Dhik, rejeki. Sing nyangka gok katut ulih juwara maning taun iki.

Apuwa gok sing nyangka iku?

Iya, isun marekaken tulisan iku wis ring pungkas-pungkase dina emeh penutupan.

Kelendi ceritane mbok? Pirang dina Rika marekaken nuis cerita iku?

Rong dina tah telung dina ika, lali dhik, sak ilinghun ika akeh pegaweyan, buru kecandhak seminggu sedurunge lomba ditutup, dadi sak anane ring pikiran hun tulis bain wis, hing menang hing paran-paran kang penting wis usaha. Cerita wis hun kirim, eh pungkasane tanggal pengumpulane diperpanjang sampek September.

Yaiku yuh mbok. Ketang pageblug digi, paran-paran hang wis direng-reng dadi mundur teka tanggale mula. Rika weruh teka sapa ana lomba iki?

Maune hun diduduhi kancanhun megawe ring MTs Tamansuruh kana. Iyane ya angger milu lomba taping durung tau katut menang.

Kekarepan Sewera Kedhokan, judhule yuh Mbok? Ulih endi ide iku mbok?

Iku cerita nyata Dhik. Cerita sithik yuh iki, hun bengen lulus teka UNEJ mulang ring MTs Tamansuruh bareng ambi kancanhun muka, Pak Rosuli. Aju milu tes CPNS taun 2018, Alhamdulillah lolos. Terus dipanggonaken ring MTs N 4 Banyuwangi, sakat taun ajaran anyar 2019. Ceritanhun bisa kuliyah ya merga nampa beasiswa Banyuwangi Cerdas hang kawitan, taun 2011 bengen. Paen hang sun alami iku, kepingin rasane suntulis. Yaiku wis, kadine yara dadi naskah Kekarepan Sewera Kedhokan.

Yeeeh. Dalane urip Mbok yuh. Apa sakdurunge rika wis mula tau nulis cerpen utamane cerita cendhek Using?

Isun bengen yara kuliah ring Sastra Indonesia. Skripsinisun bengen mbahas Basa Using, bab Salam dan Sapaan ring Bahasa Using. Anakhun ya hun turuni Bahasa Ibu Bahasa Using, masiya tah wis jare tangga-tangga anake guru benere ngomonge basa Indonesia. Isun kepingin basa using sing kalah ambi basa liyane ning Banyuwangi. Weruh ana lomba cerpen Using isun gage milu, niatisun sangking kepingin ngasah basa usinghun, sampek sakmendi sih acake, menang kalahe dadi bonus.

Bener mbok. Hang penting kalah cacak menang cacak yuh. Liya dina ulih yuh isun aperuh skripsinrika iku?

Ya ulih, dhik.

Kadhung angenanrika, nyang Basa Using mengarepe, kelendi mbok?

Isun kepingin wong Banyuwangi kudune mongkog ring basa Using. Lalare enom sing isin ngomong nganggo basa Using. Akeh  nyatane lalare enom gendhingan lancar anter-anteran dhonge ngomong Using kaya isin alihe basa Using basane dhewek hang kudu diuri-uri. Isun ngenes ndileng basa Using meh kalah ambi basa Jawa. Kaya meh kegiles. Isun ya kepingin basa Using bisa diwulangaken ning tingkat SMP maning.

Ketang lare saiki gelemane ngomong Using taping kecampur-campur yuh mbok. Ya mugi angenan rika, mben dawa, dadi kelaksan. Mugi Hang Ana Ndhuwur rungu.

Hang ana ndhuwur, genteng tah dhik? Hahahay.

Rika bisa bain. Eh mbok, kadhung angenan Rika kanggo Sengker Kuwung Belambangan, kelendi mbok?

Cerita maning sithik iki yuh, pas magih ning Tamansuruh, ekonomi rada seret, merga androide rusak dadi duwene HP tulalit. Munggane sing diduduhi Pak Rosuli sing kirane isun weruh anane SKB. Arang memengan sosmed pisan. Terus cendheke cerita sakwise weruh ana SKB, kaaaabeh postingane sunwaca serang girange. SKB bener-bener dadi wadhah kang bisa nguripaken basa Using ning kalangan enom-enoman. Paen maning saiki kabeh-kabeh serba teknologi. Terus SKB ya duwe belambangan.com pisan, tambah wapik. Saya gampang ulih sumber wacanan ring  Basa Using. Muga-muga SKB tambah akeh kang nyenengi makne bisa tetep nguripi basa using.

Iya mbok. Liya dina, dianteni cerita cendhekrika liyane jumbul ring belambangan.com. Nawi tah, ana cerita Kekarepane Sewera Lapangan hihihi.

Bisa bain Rika iki. InsyaAlloh, liya dina yah..

Dianteni temenan Mbok. Ya wis, kesuwun wis gelem gesah. Yaa..

Padha-padha Dhik...

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf