SKB Ngangkati Lomba Nganggit Cerita Cendhek 2023

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 26 Januari 2023 06:46 WIB)
- Dari Redaksi



Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB) ngangkati maning Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using, kebeneran taun iki melebu hang kaping sewelas. Lomba iki wis dianakaken saben taun lan hing tau sela masiya sore ana pageblug suwi, mung wektune bain hang diunduraken.
   Lomba iki tujuwane sakliyane ngewani panggonan wong-wong lan lare sekolah milu nguri-uri basa Using tulis, makene basa Using hing mung dienggo celathu, uga ngewani dalan merujuke sastra Using modheren.
   Sampek abad 18, jare peneliti Landa Zoetmulder, Banyuwangi iki wis dadi punjere karya sastra hang sing kaya sastra Jawa umume. Nong Banyuwangi sastrane nyeritakaken wong biyasah, hing kaya sastra Jawa jaman semono hang isine nyeritakaken sakubengane keraton. Banyuwangi wis njumbulaken aliran sastra dhewek kayata Sudamala, Sritanjung lan Sang Satyawan.
   "Aju sakuwise iku dadi basa hang ketutup lan sastrane 'mung' arupa sastra lisan," tulise ruwahe Pak Hasan Ali ring Pengantar Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia, ngutip disertasine ruwahe Pak Suparman Herusantosa hang nduweni judhul 'Bahasa Using di Kabupaten Banyuwangi' taun 1987.
   Bisa bain, kingslepe sastrawan nulis iku merga dikenalaken aksara Latin, dadi sastrawan hang biyasah nulis nganggo aksara Arab pegon iku dadi picek aksara.
   Balik nang Lomba Nganggit. Lomba iki wis dikawiti taun 2013 lan wis ngasilaken 9 buku Kembang Ronce, yaiku kumpulan cerita cendhek hang diasilaken teka Lomba iku mau. Aju dipilihi hang apik lan dicetak dadi sak buku. Dadi SKB hing mung nganakaken Lomba, asile Lomba diwani panggonan terbit arupa buku Kembang Ronce, hang suwene iki wis terbit edhisi 2013-2021. Hang edisi 2022, rencanane arep dipeleciraken tepak Pengumuman Pemenang Lomba 2023 tanggal 20 Mei.
   Ring Lomba iki sekaliyan para penulis utamane lalare sekolah, sinau kelendi nulis hang bener miloni aturan baku basa Using sakat dikenalaken taun 1997.
   Tanggal 20 Mei iku SKB ya arep ngumumaken Pemenang Lomba Ngelir hang dijuwut teka buku Omprok lan Sampur.
   Buku Omprok lan Sampur iki wujude buku cerita bergambar hang ana narasine cendhek-cendhek kanggo nyugihi bahan wacanan lalare SD hang sinau basa Using ring sekolahane. Mula durung pati akeh buku wacanan kanggo lare SD hang nganggo basa Using. Lomba Ngelir iki mung dienggo kalangan SD. Nong endi digelare lan kapan engko ana warah-warah teka SKB.
   Mayo hang duwe bakat nulis, milu Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using. Ana kategori SMP, SMA lan Umum. Ketiken nganggo Words biyasah bain aja kathik modhel macem-macem makene nggampangaken panitiya lan uga para juri kang mbiji, ukuran aksara 12, akehe 3-7 halaman, aju kirimen karyane nong email: [email protected]. aja sampek lebih teka tanggal 1 Mei 2023 merga tanggal iku wates pungkase lomba.
   Hang duwe adhik, anak, ponakan, putu hang kelas 4,5,6 SD bisa nggolet buku Omprok lan Sampur kanggo wacanan, lan milu Lomba Ngelir kadhung wayahe wis teka, ring awal Mei.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor