Sugeng vs Samsul

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Rabu, 06 April 2022 08:58 WIB)
- Esai



Ngomongaken soal budaya, hususe ring atah-atah Jawa, sing kirane ana enteke. Wong Jawa iku kejuluk paling sugih budayane. Mbuh picise. Kesenian sembarang kinthung ana lan wakeh maceme. Durung maning basane. Rungu omonge lan lugote bisa ditenger, iki wong Jawa endi asale? Wetanan tah kulonan? Wong kulonan iku golongane wong alus. Jim nawai....! Using. Maksude, tingkah lakune alus. Omonge ya alus, sing sukur diantem krama.....'bapak sare kula siram'. Kelendi tah? Wong asli wetanan, kaya Belambangan iki embuh apuwa kok mari-mari kasar lan anteran ngomonge kaya wong tukar. Tiyang kilenan pasti meneng, anteng, ambi lungguh matane ngiyer-ngiyer. Sing percaya? Dosa rika. Cacaken tah kilenana kupingrika yara enak keri gatel. Sing kerasa matanrika kiyer-kiyer..... Byek! Aja muring, co! Sukorojo kulone Cungking.....'joking'.

Isun tau kumpul taunan ambi 'wong alus', wong kulonan. Omonge ora-ora, kuwi-kuwi. Ana gok sepuluh taun ring Trenggalek. Magih Jawa Timur tapiing basane plek persis Jawa Tengah. Alus.....kalah gelepung. Isun biyasah, kaya sega jangan istilahe wong kono, oleh tugas taker ring pelosok utawa mencit ring pucuke desa hang sing bisa diliwati kendaraan roda 2, roda 4, paran maning roda 3. Rika kudu melaku liwat galur munggah mudhun. Saben kecaruk uwong adate salaman ambi ngucap, "Sugeng?" karepe takon "Selamet tah? Sehat tah? Seger waras tah?" Jawabe pasti "Pangestu".

Hang dadi lakon, ana kanca arane cak Samsul, asli Surabaya. Ale padha Jawane ya padha  Jawa Timure tapi mauka bisa bida adate. Bangete magih buru-buru ring desa disambut lan disalami wong akeh. Ya kaya biyasahe, saben wong nyalami ambi nyapa:

"Sugeng?"

"Sugeng?"

"Sugeng?"

Sampek hang pungkasan nyalami pitakone padha:

"Sugeng?"

Cacak iku kelendi acake semaure? Dudu pangestu, pangestu....tapi,

"Samsul",

"Samsul",

"Samsul".....

Ndarani salaman kenalan pantese. Endane tah wong sak desa arani Sugeng?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Antariksawan Jusuf