Sumitro Hadi: "Pemkab lan DKB, Aja Mung Lonthong-lonthong Thok!"
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 28 Februari 2020 13:42 WIB)
- Tokoh
Magih temancep ana ring dhadha omonge Pak Mitro rikala milu “Gesah Tuwek” ana ring Sanggar Genjah Arum, 20 Pebruari 2020 kepungkur. Miturut Pak Mitro hang Tahun 1968 wis bisa nggawe gendhing lan tarian iku. Pemda lan DKB durung bisa mujudaken paran hang wis dadi mupakatan ring seminar, diskusi, lan gesah kesenian hang ana ring Banyuwangi.
Sakteruse jare Pak Mitro ngudharaken, hang wis dadi embahe gandrung Banyuwangi lan uga hang dadi koreografere tari masal sakat taun 2012-2015; “Gandrung Sewu” iki dilahiraken ring Banyuwangi, tanggal 16 Agustus Tahun 1951, bapake arane Sukoso Hadi Santoso lan emake arane Liswati. Magih cilike Pak Mitro sekolah ring SDN 1 Rogojampi tamat tahun 1965. Sakteruse nerusaken sekolah ring SMPN 1 Banyuwangi tamat tahun 1967, tahun 1970 tamat teka SPG Pandan terus nerusaken sekolahe nyang PGSLP (Pendidikan Guru Sekolah Lanjutan Pertama) tahun 1971. Mari tamat teko PGSLP Pak Mitro dadi guru ring SMP 2 Rogojampi.
"Aja mung lonthong-lonthong thok naming ketane ring Srono", gedigu iyane gawe basanan ngibarataken paran hang wis dilakoni Pemda Banyuwangi lan DKB Banyuwangi. Angger mari gesah ya wis sing ana teruse (tindak lanjute).
"Aja mung ngomong-ngomong thok nyatane sing ana", gedigu Pak Mitro negesaken omonge. Mula iku Pak Mitro kepingin asile “Gesah Tuwek” iki dinyatakaken ambi kegiatan paran tah, utawa dadi dokumentasi arupa buku tah, utawa digawa nyang forum hearing (rembug) antarane Pemkab lan DPRD ambi hang teka ning kene iki, makene aspirasi lan pemikirane seniman Banyuwangi iki bisa dirungokaken Pemkab lan wakil rakyat hang arep gawe kebijakan lan Perda (Peraturan Daerah).
Kadhung ngomongaken kesenian dhaerah ring Banyuwangi, utamane seni tradhisi mesti sing bisa ditinggalaken wong siji iki. Sumitro Hadi utawa lebih dikenal ambi Pak Mitro iki koreografer uga arranger musik lan komposer gendhing-gendhing top. Pak Mitro wong Using tulen iki wis kesuwur ring daerah Banyuwangi, Jawa Timur, lan sampek nasional. Sing sithik prestasi kang tau digape anggone nggawe lan nggarap tarian Banyuwangi. Salah sijine kang kesuwur ya “Jejer Gandrung”.
Pikiran lan omongane bakal lunyu keplayu kaya sabun kecampur banyu kadung dijak gesah bab kesenian. Kaya ring “Gesah Tuwek” ambi para seniman lan budayawan Banyuwangi kala iku. Tangane sampek ngethem-ngethem sangking jenggirate ngabeti krenteg ati lan pikirane kanggo kemajuan kesenian Banyuwangi.
Serta diwawancarai belambangan.com mari acara “Gesah Tuwek” ring babakan kelendi kiprahe lan asile berolah seni? Pak Mitro cerita, wong iku bakal alus budine lan kandel rasa rumangsane kadung wis gobod endhut ring masalah seni, dudu seniman kadung magih duwe rasa iri, drengki, nafsu serakah lan angkara. Dudu seniman kadhung magih mikiraken wetenge dhewek, sonder mikiraken tanggane hang magih durung madhang, gediku Pak Mitro ngibarataken.
Bakat njugete diwarisi teko wong tuweke, Pak Mitro sing tau sekolah khusus kesenian. Bakat njugete wis katon sakat sekolah ring SPG. Asal-muasale Pak Mitro bengen dadi guru ring SMP 2 Rogojampi terus uga tau ngajar ring SPG Pandan (Sekolah Pendidikan Guru), sekolah kejuruan sak tingkat ambi SMA kang ndadekaken lulusane dadi guru SD (Sekolah Dasar). Sakteruse Pak Mitro diangkat dadi Kasi Kesenian ring Dinas Pendidikan, mari gedigu ditugasaken ring Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi sampek pangsiun.
Sakat tahun 1968 wis bisa nggawe gendhing lan tarian, gendhinge “Banteng Tangi”, lan tariane kang pertama yaiku “Lelewane Lare Banyuwangi”. Rasa dhemene nyang kesenian diterusaken ambi ngedegaken Sanggar kang diarani “Sanggar Jingga Putih”. Sampek saiki sanggare tetep ngadeg lan terus produksi. Murid-murid sanggare wis sing keneng dietung akehe lan saiki wis akeh padha 'dadi', ana kang dadi pelatih tari, dadi guru seni, lan ana uga kang dadi seniman Banyuwangi. Tahun 2007 Pak Mitro ulih penghargaan seni teka Gubernur Jawa Timur, kerana prestasi lan pengabdiane nyang seni lan budaya.
Sampek saiki Sumitro Hadi magih manggon ambi kang wadon kang aran Sri Uniyati lan diweni pengeran anak siji wadon kang aran Yenni Diah Pangestu lan mangku umah lan sanggare ana ring desa Gladag kecamatan Rogojampi meped ring wetane balai Desa Gladag. Balai desa kang ring kana bengen bapake dadi lurah.
Ring pungkase cerita, Pak Mitro ngajak nyang seniman-seniman hang wis berkarya gelema ndaptaraken karyane nyang HAKI, makene sing dienggo wong-wong hang sing tanggungjawab. Lan maning kadhung ana wong hang macem-macem wis duwe payung hukum hang jelas. Karyane Pak Mitro hang wis didaftaraken nong HAKI antarane bain, “Gandrungan”, “Jejer Padha Nonton”, lan "Jejer Jaran Dhawuk”.
Ati-ati dulur kadhung nganggo tarian telu iku, kabeh wis ana rinciane hang jelas, mulai penganggo sampek tabuhane, paran maning jugetane. Rika colong gendhinge lan rika ubah kelambine, paran maning jugetane bisa diproses ring hukum lan dibui nong sel.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Gesah Tuwek
Editor: Nur Holipah