Tanduran Tamba: Kunir Asem
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 11 Juni 2026 07:02 WIB)
- Resensi
Kunir asem utawa jamu kunir asem bisa kanggo wadon hang wetenge perih nekani mangsa haid utawa menstruasi (“m”). Sakliyane iku kunir asem uga bisa ngenthengaken penyakit kembung lan kuwelen hang ana ring njero weteng merga gas hang sing normal. Penyakit kaya dene mancur merga bakteri hang ana ring njero weteng uga bisa ditambani nganggo kunir asem iki.
Mancur mencret bisa mampet
Kunir asem hang akeh kandhungan zat-zat pembangun, ana kurkumin yaiku senyawa aktip hang duwe sipat antioksidan lan anti-inflamasi.
Jamu kunir asem akeh kandhungan pitamin C kanggo antioksidan ningkataken kekuwatane awak (kekebalan tubuh) ngelawan kuman bakteri lan penyakit merga mikroba jahat hang melebu nyang awak. Antioksidan kanggo njaga sel-sel awak teka kerusakan merga radikal bebas.
Sakliyane iku uga akeh kandhungan serat kanggo usus lan kesehatane weteng (sistem pencernaan)
Kunir asem uga akeh mineral kayadene zat besi, kalium, lan magnesium hang penting kanggo kebutuhan lan pertumbuhan sel (fungsi tubuh)
.Carane nggawe
- Kunir sak jempolan tangan (dikumbah rijik dikenceti kulite aju diparud, diperes dijuwut banyune)
- Banyu anget sak gelas cilik (200 ml)
- Uyah sak sendhok teh
- Madu sak sendhok
Banyu sari patine kunir dicom banyu anget nong njero gelas cilik (200 ml). Sakteruse uyahe sak sendhok teh dilebokaken lan madune diuled ambi sendhoke. Geningena sulung antarane 5-10 menit, saring banyune aju diombe anget-anget iku mau.
Kasiyate
Sipat antioksidan lan anti-inflamasi kanggo peradangan njero, pitamin C kanggo antioksidan ningkataken kekuwatane awak (kekebalan tubuh) ngelawan kuman bakteri jahat. Antioksidan kanggo njaga sel-sel ring awak teka kerusakan merga radikal bebas.
Cacaken bain iki obat/tamba kunane wong Using Banyuwangi sakat kuna-makuna.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf