Tanggapan Wurung, Seniman Akeh Megawe Nyang Sawah (2)

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 08 April 2020 08:08 WIB)
- Laporan



Kanggone seniman hang nduwe sawah utawa tegalan, serta kabeh tanggapan hang diterima diwurungaken ambi hang ngundang, aju telikas tandang ring sawah. Kaya hang dilakoni Kang Pur Kemiren, serta ana ketentuan teka pemerintah sing ulih ana kegiyatan lan dhayoh hang arep teka wurung, aju saiki malah patheng nyang sawah. Kadhung sing ngurusi tanduran, ya ngerumat rajakayane.

Padha ambi Moch. Samsul, seniman muda teka Kemiren hang duwe angen-angen ngedegaken Art Space kanggo latihan kesenian lare-lare enom. "Saben dinane Isn saiki nyang sawah. Siji ngerumat tanduran, kelorone nutugaken bangunan Art Space hang suwi mangkrak. Arep kelendi maning, latihan bain saiki sing ulih, merga ngumpulaken uwong. Ya ngalah bain kanggo apike mengarep," digu jare sarjana tari lulusan STKW (Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta) Surabaya iki.

Padha ambi seniman liyane, undangan ulan Maret lan April iki wurung kabeh. Alae kudune Samsul mentas ning Surabaya, Gunung Bromo, Hotel El-Royal Banyungi lan ring Taman Terakota Gandrung, Ijen. "Masiya magih durung manggung, naming isun wis suwe latihan kang nyawisi penganggo kanggo pentas mau. Iku tradhisinisun, adoh sak durunge, pokok wis deal tanggale ya aju latihan," jare Samsul seniman hang dikenal enthengan tangan iki.

Sakjerone latihan mau, Samsul ngakoni kadhung wis akeh ngetokaken picis. Sing terima kanggo latihan biyasah lan nyewa gamelan lan ongkose transport peserta, naming biyaya kanggo uba rambe nggawe kostum iku sing sithik kanggone iyane. "Kadhung diitung ana Rp. 10 juta hang lebih kanggo persiapan mau. Embuh kelendi cara mbalikaken picis sak mono mau, merga iyane sing kira arep nempuhi nyang kang ngundang. Iki kan musibah, kabeh kudu nerima masiya kepeksa," tegase Samsul.

Sampek saiki, Samsul ngaku durung ana hang ngubungi teka pemerintah, merga wurunge pentas lan nasibe minangka seniman. "Kadhung Isun sing nduwe pengarep-arep ning Pemerintah, kanggo mbantu biaya urip saben dinane seta wurung mentas. Kadhung ana hang gelem mbantu mbalekaken picis hang wis kadhung metu mau wis alhamdulillah," pungkase Samsul.

Kahanan hang padha dialami ambi Juwono, alias Kang Ju. Angklung Larasati pimpinane uga ngalami nasib hang padha. Kabeh tanggapan nyang wong ewuh uga padha wurung, panjak biyasah milu iyane ana 15 seniman lebih. "Rata-rata kanca-kanca panjak ring kene buruh tani, kadhung tanggapan padha wurung digi saya kelimpungan. Megawe serabutan, pengasilan sing mugen. Mangsa gedigi hang arep njaluk tulung tenagane ya padha suda," jare Kang Ju hang aseli Sukerejo, Desa Lemahbang Kulon, Kecamatan Singojuruh iki.

Kang Ju hang uga Guru SDN ring Lemahbang Kulon iki, saben dina disambati kanca-kanca seniman. Iyane ya mung pasrah, malah saiki ambi kanca-kanca guru sak kecamatan Singujuruh keneng tarikan beras kanggo nyumbang nyang wong-wong "terdampak corona" ring wilayahe. "Isun ya ambi data pisan kanca-kanca panjak, mane ulih kawigaten ambi programe pemerintah mau. Dinane iki ngarepaken lebaran, butuhe kanca-kanca sing terima nyukupi saben dinane. Naming butuh kanggo mapag puwasa lan lebaran iku ya akeh", tambahe Kang Ju.

Masiya akeh tanggapan hang wurung, Kang Ju magih bisa nerima. Paran maning kadhung dibandhingaken kancane hang duwe grup Janger lan Jaranan, atusan panjake padha keleleran merga tanggapan wurung. "Isun sing sepira Kang, mung welasan kanca panjak. Liyane kaya Janger lan Jaranan, bisa atusan panjak lan pemaine. Muga-muga bain gage pungkas pageblug iki, mane bisa urip normal maning," pungkase Kang Ju.

Kadhung panjak hang duwe keahline liya. sing pati kerasa anane kahanan iki. Kaya Andorik, perajin gamelan Using teka Jambean, Kecamatan Glagah. Sampek saiki, iyane magih marekaken pesenan-pesenan lawas hang durung mari. "Masiya gedigu, Isun njaluk nyang pemerintah gage nguweni dalan metune, makene kanca-kanca panjak hang njagakaken uripe teka honor berkesenian, bisa enteng hang disangga," pungkase Dorik.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf