Tari Banyuwangi Tampil ring Keerom Papua
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 30 November 2022 06:55 WIB)
- Laporan
Ana 50 penari asal Banyuwangi milu ngeramekaken Festival Budaya Keerom Papua hang kaping 7 taun 2022, taping pestipale ana cathetan kadhung arep munggah ring kalender wisata nasional.
"Targete 2-3 taun engkas wis bisa melebu event nasional kelawan cathetan kuwalitase diunggahaken," jare lare Banyuwangi hang saiki dadi Direktur Pemasaran Pariwisata Dalam Negeri Kemenparekraf, Dwi Marhen Yono marek nyekseni langsung iwuh ring propinsi wetan dhewek iku.
Festival Budaya Keerom wis apik merga nggabungaken budaya lokal teka pitung suku aseli Papua ambi budaya wong tekan kayata Jawa, Sulawesi, Maluku, Sumatera, Bali, Banyuwangi lan liyane, jare Kang Marhen.
"Naming magih perlu dikurasi lan kurang akeh (umpamane kaya Gandrung Sewu Banyuwangi). Lan ide 1.000 penari wis hun omongaken ring Pak Bupati Keerom," jare Kang Marhen.
Jare Kang Marhen, Festival Budaya Keerom setemene durung melebu ring agenda pariwisata nasional (Kharisma Event Nusantara) taping wis disokong anggaran ring Kemenparekraf RI.
Hang wis katon apik kanggone wisatawan iku setemene tampilan budaya aseli lokal teka pitung suku, naming seru emane merga wisatawan negara manca lan teka njaba Papua magih durung maksimal, jare Kang Marhen.
Jare Kang Marhen, Papua nduweni kelebihan ring sumber daya alam lan budaya naming magih kurang ring Sumber Daya Manusia lan keamanan. "Dadi hang perlu diunggahaken iku keramah-tamahan SDM/pelaku pariwisata ring tanah Papua lan ngeyakinaken wisatawan gok Papua iku aman lan nyaman."
"Ring Festival taun iki buru sepisan iki ana gabungan tari Banyuwangi lan Papua," jare Kang Sariyono, ketua Sanggar Sekar Tanjung, Keerom hang aseline teka Ringinsari, Pesanggaran Banyuwangi.
Jare kang Joni Ion, celukane kang Sariyono iki, para penari Banyuwangi nampilaken
Tari Jejer Gandrung, Jaranan Buta lan Tari Garuda ring lapangan Swakarsa Kecamatan Arso Kabupaten Keerom teka tanggal 22-24 November 2022 kepungkur.
Komunitas Budaya Banyuwangi Kabupaten Keerom Sekar Tanjung ngadeg sakat taun 1990 tepak wektune transmigrasi. Sanggar Sekar Tanjung biyasah nampilaken Tari Jejer Gandrung, Tari Jaranan Buta, Jaranan Pegon, Tari Jaran Goyang, Tari Punjari, lan Macanan.
Petang taun seperene Sanggar iki wis milu gelaran seni budaya Musantara hang dianakaken ring Balai Pelestarian Nilai Budaya Propinsi Papua.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


