Tari Celeng Mengeti Dina Danine Tim Paes ring Hongkong

Tirto Arum (dipublikasikan pada Kamis, 21 Oktober 2021 10:38 WIB)
- Laporan



Nong mburi saben pementasan utawa munggah genjote kesenian, kelebu kesenian tradhisional, ana barisan tukang paes kang hing kurang-kurang kontribusine kanggo suksese acara.

Ring Hongkong kene tanggal 10 Oktober sore dianakaken selametan lan pentas jaranan dienggo mengeti dina dadine Raelza Make Up hang kepisan.

Raelza iki bagiyane Green Famili hang nduwe sanggar kesenian para buruh migran ring Hongkong, kelebu seni Jaranan Tresno Wiro Budoyo Hongkong. 

Ring tendha putih ring Taman Victoria iku Paguyuban Seni Tresno Wiro Budoyo nganakaken donga bareng, lan selametan, aju nggelar pentas jaranan hang nggawa Tari Celeng. Ana wong loro hang njuged. Petang tumpeng disuguhaken kanggo mengeti ngadege Raelza Make Up,  tim Sekar Jati Budoyo, Gayatri Budoyo.

Raelza Green Make Up kelawan pelatihe hang aran Evifatul Maesaroh asale teka Dusun Jatirejo Desa Sabrang Kec. Ambulu, Jember. Acara donga bareng iku ditekani pirangane seniman jaranan masiya cuwacane rada kisruh. Buru bain ana lesus T8 hang dadi tandha ganti mangsa teka Ketiga nang mangsa godhong cicir (musim gugur). 

Sanggar paes iki masiya buru setaun naming wis nduwe wolung murid. Jare mbok Evi, muga-muga ilmu hang diwuruki ring Hongkong kene iki bisa dadi manpaat tepak murid-murid kabeh iki wis mbalik nong tanah kelairane dhewek-dhewek. Dene mbok Evi iki wis suwi milu dadi anggotane tim jaranan Tresno Wiro Budoyo Hongkong utawa Green famili hang dipimpin ring kak Andika Yhosi. 
   Bakate Mbok Evi, hang pinter nari Celeng, uga nurun nang anak-anak wadone hang uga lanyah nari Celeng masiya magih cilik-cilik. Muga-muga lalare cilik iki bisa dadi penerus lan gelem milu nguri-uri kesenian tradhisional lan bisa nggawe arume aran bangsa.

Minangka pelaku seni lan wong wadon hang dadi saka keluwarga, muga-muga tetep diuwani seger. Tetep dadi ulan hang candrane nyunari langit lan nerangi petenge dalu. Muga-muga tetep terus sinau, nggawe karya lan nggawe kreasi anyar. 

Cheung Sha wan, 15-10-2021 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum, foto Raelza make up

Editor: Hani Z. Noor