Tari Jaranan Nggoyang Hongkong

Tirto Arum (dipublikasikan pada Selasa, 31 Agustus 2021 09:02 WIB)
- Laporan



Dina Minggu sore tanggal 22 Agustus 2021, ring hawa hang panas seru sampek 32 derajat naming rasane kaya 40 derajat kerana sing ana silire angin, awak rasane kaya leleh kerana dehidrasi. Sak botol banyu mineral rasane sing bisa ngurangi rasa ngelak kerana dehidrasi hang dirasakaken para buruh migran hang kadhung tepak preian gedigi biyasah ngebeki taman-taman kutha kaya ring taman Victoria Hongkong. Padha dene ambi para pelaku seni hang tepak iku nekani undangan salah siji kanca buruh migran hang mengeti dina laire.

Ring acara hang kerasa rumang ring salah siji gedhung ring dhaerah Kwai Hing, ana kira-kira satus uwong undangan hang nekani kelawan nampilaken hiburan kesenian Nusantara. Gedhung hang didesain ring werna biru-putih katon sagah, direngga hiasan hang apik nambahi suasana saya katon kemromong. Ring bucu lawang melebu gedhung katon ana DJ ayu hang nyambut para dhayoh diiringi musik milenial sedurunge acara dikawiti.

Awak dhewek teka tim jaranan Sekar Jati Budoyo Hongkong nganggo kostum werna abang-ijo nyuguhaken tari Jaranan Kuda Birawa ring kawitan lan hang kepindho tim njugedaken tari Jaran Goyang minangka hadhiyah kanggo kanca hang ngundang ring acara mengeti dina laire.

Masiya rekenane magih kaitung anyaran lan latihane uga dilaksanakaken kelawan cara virtual merga mohal bisa kecaruk ngumpul kanggo latihan, sakliyane wektu hang seru kewates pegaweyan lan merga pageblug hang durung uncal. Awak dhewek kabeh ya miloni protokol kesehatan teka pemerintah masiya emeh kabeh buruh migran wis disuntik vaksin. Awak dhewek kabeh magih kudu njaga stamina kerana kabeh padha-padha sing weruh sapa-sapa bain hang positip utawa negatip. Kelawan kahanan hang kaya gedigu mauka, suguhan tari hang ditampilaken tetep bisa kelaksan apik.

Tari Jaran Goyang dijugedaken ring mbak Erina minangka ketua tim Sekar Jati Budoyo Hongkong jakloron ambi isun lan tari Jaranan Kuda Birawa dijugedaken ring wong papat teka tim inti Sekar Jati Budoyo yaiku mbak Erina, mbak Septi, mbak Neeluh Hariyani lan isun dhewek.

Minangka tim hang buru lahir mesthi bain magih akeh hang kurang lan magih durung sempurna, magih kudu akeh belajar lan latihan, iku kabeh sing nyurutaken semangat ngelestarekaken budaya Banyuwangi.  

Awak dhewek iki mula dudu sapa-sapa, naming minangka kelompok cilik pecinta seni awak dhewek kabeh ring kene kepingin tetep semangat, jenggirat, ngupaya lan ngersaya tetep njaga budaya Indonesia supaya sing diaku ambi negara liya.

Saben dina megiyet nyang pegaweyan hang kaya sing ana pungkase dadi buruh migran, mulane kegiyatan dina Ahad iki paceke dirandhu tekane. Ibarate masiya dadi buruh migran tapi bisa nggawa aran negara lan dadi mongkoge bangsa ring donya. Paran maning bisa gabung ring tim pelestari seni budaya, keliwat-liwat maning girange kadhung asale teka sak dhaerah. Seduluran lan kekancaan kaya dadi siji, nyewiji, ring endi sakwayah-wayah hang siji bisa mbutuhaken hang liyane. Rasane kaya ana rasa kelangan kadhung sing bisa kecaruk.

Mung ngarepaken muga bain kabeh hang disuguhaken arupa tarian lan wayah gesah guyub ambi kabeh hang teka nyakseni bisa sedhilut ulih hiburan lan ngelalekaken lesuhe dina-dina dadi buruh migran. Muga bain pageblug iki gancanga uncal, lan awak dhewek kabeh padha ngengetaken siji lan liyan supaya tetep semangat, miloni protokol kesehatan hang wis ditamtokaken nyang pemerintah uga tetep njaga lan ngelakoni urip sehat.


Cheung Sha wan, 25-8-2021. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum, foto tari jaranan kuda birawa

Editor: Antariksawan Jusuf