Teka Gombeng Nang Bandung Ajar Dadi Barista
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 09 Oktober 2020 08:04 WIB)
- Laporan
Seminggu iki Hariyono HO, wong tani asal Lerek Gombengsari Kalipuro Banyuwangi kaya wong ngelak nemokaken banyu.
Ambi Dirjen Perkebunan iyane diutus makili propinsi Jawa Timur bareng ambi wong tani kopi teka Pasuruan ning acara "Pelatihan Penyajian Kopi" ring Bandung Jawa Barat suwene petang dina sampek penutupan dina Kamis sore.
Sak Indonesia, ana 12 wong tani kopi binaan Balai Besar Pembenihan dan Proteksi Tanaman Perkebunan hang milu iwuh hang digelar bareng ambi 5758 Coffee Lab Bandung.
Jawa Timur diwakili wong loro. Hariyono minangka manajer Internal control system (ICS) ring Kelompok Tani Lerek Gombeng lan Mujianto ICS ring Kelompok Tani Sobowono Sejati Prigen Pasuruan.
"Pokoke kene iki dilatih kelendi carane dadi barista," jare Hariyono nang belambangan.com. Pelatihan iki hang sakat kapanane digoleti ambi Hariyono. Masiya iyane itungane wis sukses dadi wong tani kopi, taping iku hing cukup kanggo anak-anak lan generasi enom ring kampunge kanggo nerusaken penggaweyan dadi wong tani kopi lan bisnis kopi.
"Penggaweyan dadi barista iki hang magih duwe aran nong antarane lare-lare, nawi bisa mbantu iyane kabeh nyenengi bisnis kopi," jare Hariyono hang sakat lair procot taun 1977 wis nong Lerek.
Ring kelase kono, Hariyono diajari teori lan praktek, teka sejarah kopi, mbedakaken Arabica lan Robusta, proses pasca panen, seduh manual lan seduh mesin, vietnam drip, perawatan alat seduh, sampek nang teori dasar pelayanan.
Setemene pemda Banyuwangi taun sore wis ngewani peralatan roasting, grinder lan seduh kanggo pitung SD ring Kalipuro. Taping tetep kudu ana ilmune hang bener kanggo lalare.
"Kelawan anane alat-alat iki, lalare bisa nduwe ketrampilan hang cukup," jare Hariyono. Kekarepane ring dina mbisuke lalare iki bisa mbangun jaringan pasar lan bisa mroduksi kopi hang diterima pasar.
Ring ngarep umahe hang kerep dienggo memengan anake lan kanca-kancane, Hariyono kepingin ngajari ilmu hang disinauni ring Bandung iki kanggo wong-wong tani lan lalare ring kono makene lalare paling using diajari nyorot kopi hang bener.
"Paling using, lalare iki nak hun ajari kelendi nyeduh kopi hang bener makene lalare iku nduwe memori kanggo ndhemeni kopi."
Paran maning kadhung dideleng gok Banyuwangi iku nduwe 13.000 hektar kebon kopi. "Karepisun, saya akeh generasi mengarepe hang ndhemeni bisnis kopi. Seperene, rega ring wong tani durung pati pantes. Lan hun karepaken wong tani hing mung mroduksi wiji kopi taping ndadekaken generasi anyare makene nduwe ketrampilan lebih ring bisnis kopi."
Hariyono sakat SMP sampek lulus sarjana ring pesantren Sukorejo Situbondo, nduwe anak papat Moh. Anggy Hariz Zulqornain, MH. Ulil Absor Elfaroby, MH.Idaharul Haqqi Al-Fayyath lan Dian Sary Almahri.
Impene mung siji, ndadekaken anak-anake lan generasi ring kampunge dadi pengusaha ternak lan wong tani hang sukses nduweni martabat.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor






