Teka Pinggir Banyu Sampek Nyantuni Lare Atim, Ikawangi Mengeti Dina Merdheka

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 17 Agustus 2021 11:49 WIB)
- Laporan



Macem-macem iwuhe anggota Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) hang ana ring Jabodetabek-Cimerang kanggo mengeti dina merdhekane negara hang kaping 76. Ana hang upacara lan kecek nong pinggir banyu, ana uga hang nyantuni lare atim.
"Iki carane kene mengeti dina kemerdhekaan kelawan mbalekaken maning pengalaman kala magih lare ring tanah kelairan Banyuwangi, akeh banyu dienggo adus," jare humase Ikawangi Tangerang Selatan (Tangsel) kang Sujarwo.
   Merga magih mangsa pageblug lan kegiyatan ring endi-endi magih dipenging, iwuh mengeti dina dadine negara iki dianakaken ring pinggir banyu Cisadane, ring pareke umahe salah siji wargane ring desa Salabentar, Kampung Jampang, Gunung Sindur.
    "Panggonane tawang lan ring pinggiran, adoh teka kumpulane wong-wong. Dadi Insyaallah aman lan diadohaken ring virus covid," tambah kang Jarwo hang nduwe usaha ternak tawon madu cap Capres.
   Paran maning hang dadi tuan rumahe, kang Hari Tenda, paceke nyuguhi dhayohe ambi iwak wader ulihe golet ring banyu-banyu parek kono.
   Anggota Ikawangi Tangsel biyasahe kadhung kumpul-kumpul gedigu pating nggawa panganan dhewek lan dipangan bareng-bareng, kaya slogane: Telap-telep madhang bareng.
   Acarane diangkati sakat jam 10.00 ana upacara penghormatan bendera, diterusaken ndonga bareng lan ana lomba-lomba sedurunge padha kecek nyebur banyu. 
   Ring panggonan liyane Sekretariat Ikawangi Pusat Jakarta ring Jalan Tanah Merdeka Kampung Rambutan, Jakarta Timur, Ikawangi korwil Jakarta Timur nganakaken santunan kanggo lare atim.
   "Ana kira-kira 20 lare atim keluwarga Ikawangi hang manggon ring Jakarta Timur," gedigu jare Ketua Korwil Jakarta Timur Kang Sugiman.
   Setemene santunan gedigi iki hing buru saiki bain dilakoni ambi Korwil Jakarta Timur, taun sedurunge ya wis tau pisan.
   "Kene nganakaken santunan gedigi ring Sekretariat merga anjuran teka Ketua Umum Ikawangi Pusat Bapak Bambang Sugiyono kongkon nggawe acara-acara nong sekretariat kene," jare kang Sugiman hang uga nduwe grup kesenian tradhisional Sekar Arum.
   Acarane iki ya disokong ring Ikawangi Korwil Bekasi liwat ketuane Bu Kurnia hang nyumbang sega kothakan kanggo wong-wong hang teka kabeh ring acara iku.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor