Teka Using, Banyuwangi nang Belambangan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 18 November 2020 05:25 WIB)
- Opini



Isun hing nak muter jam sejarah. Kaya nggawe munyeng maning padu bab istilah Using, hang jare wong Landa Ben Arps diarani rekayasa aran basa Jawa pedesaan aju dadi identitas suku.  Utawa, gok jare Using iku, aran hang nggawe sukma keloyongan lan ngerusak mental lan moral uwong Belambangan. 
   Isun mung nduweni penemu gok awak dhewek iki kudune balik maning nganggo aran Belambangan dienggo nyiluri ucap Using, Banyuwangen utawa Banyuwangi, ring antarane basa Using utawa Banyuwangen, utawa telatah Kabupaten Banyuwangi. Taping mula aran iki hing bisa dienggo nyiluri aran kutha Banyuwangi, polahe aran kutha iki mula wis dadi aran kang wis sakat kawitan nggawene bengen.
Apuwa Gedigu?
Basa Nduduhaken Bangsa
Wong Indonesia ngomong ambi basa Indonesia, dudu basa Melayu. Masiya tah wis bibit kawite teka basa Melayu. Nawi bain, kadhung basa Melayu hang didadekaken basa nasional, malah akeh nemoni alangan, polae rakyat panggonan liyane (hang dudu Melayu) sing duwe rasa nduweni nyang basane.
Bisa pisan kewetu masalah, basa endi hang lebih baku, basa Melayu ring Riau tah Melayu hang merujuk ring tanah liyane? Taping, kerana diganti aran dadi basa Indonesia, hang nyebut aran wilayah yaiku Indonesia, wong Melayu hing patiya ngerekan basane diuwahi ambi wong etnis liyane.
Ucap Using (ejaan lama: oesing) lan Usingers (basa Landa: de Oesingers), cemanthol ring aran suku lan basa, kawitane disebut ambi wong Landa T. Ottolander tahun 1923 tepak iyane nggawa rombongan gandrung kanggo pertemuan Java Instituut ring Bandung. Ring artikele hang judhule Gandroeng van Banjoewangi, Ottolander uga nulis syair gendhing-gendhing gandrung. Ditambahi ambi Joh Scholte hang ring pertemuan Java Instituut taun 1926 ring Surabaya. Jare iyane, ring artikel Gandroeng van Banjoewangi, ucap iku diujaraken ambi wong liyan, wong tekan, dienggo nyebut wong asli Belambangan.
Hang seru anehe, ring naskah Lontar Sri Tanjung, hang paceke dianggep ana hubungane ambi kedadeyane kutha Banyuwangi, ucap sing utawa using, hing njumbul blas siji-sijiya. Merga lontar-lontar jaman bengen nganggo basa Jawa Kuna pertengahan, dudu basa Using. Taping ring basane rakyat, istilah ‘using’ mesthine wis ana sakat bengen, hang ambi peneliti basa, wong Landa Van der Tuuk, diyakini Using iku teka basa Bali: sing/tusing. Hubungan Bali ring keraton Belambangan iki akeh teka hubungan perkawinan. Umpamane emake Wong Agung Wilis, Gusti Ayu Kabakaba, anake I Gusti Kabakaba hang mimpin kabupaten Kapal (wilayah Mengwi) dirabi ambi Prabu Danureja. Tepak digawa nang Belambangan, diajak pisan adhike yaiku I Gusti Ngurah Ketut Dewa Kabakaba hang didadekaken senapati pasukan Kebalen (pasukan Bali). Iyane dikawinaken ambi Sayu Dupati anake Prabu Danureja.  Tepak duwe anak I Gusti Lanangjaya, Sayu Dupati sampek umur. Masiya dirawati sakat cilik ring Puri Mengwi, sarta wis gedhi Lanangjaya dikirim nyang Belambangan ngganteni bapake dadi senapati pasukan Kebalen kelawan pangkat Rangga lan ring dina mburine dikenal dadi Rangga Satata. Iyane diukum mati gara-gara marek adu jangkrik. Dulur wadone Wilis lan Prabu Danuningrat, dadi rabine raja Mengwi V yaiku Gusti Agung Made Munggu. 
Hubungan Bali-Belambangan iki dikuwataken ambi cerita ring Babad Notodiningratan, Prabu Tawangalun ngejak gurune Wongsokaryo lan anake papat seba nang Mataram. Gadug Mataram, gurune Sultan Mataram, Pangeran Kadilangu, arep nggawe wirang Wongsokaryo kelawan nyilih kerise hang aran Gagak. Marek mbalekaken werangkane, Kadilangu nyekel keris gagak lan pucuke dideleh lambene kaya wong arep ngombe, saknalika kerise dadi banyu lan diuyub. Kanggo mbalekaken, kerise, Wongsokaryo nyeluk kerise maning hang aju metu teka dhadhane Kadilangu, balik maning nong gegerane arupa keris. Anak-anake Tawangalun padha ngamuk, celathu lan nantang wong-wong Mataram, nganggo basa Bali.  
Dadi masiya ring naskah-naskah lontar iku hang ana ucap nora lan tan hang nduweni arti dudu, padha ambi ucap sing lan using. Alae ucap Using iki, ring tembe mburine malah dadi sebutan dienggo ngarani etnis lan basane.
Ring ujar-ujar basa Indonesia, ana wewarah, Bahasa Menunjukkan Bangsa. Cumpu wewarah iki dijuwut teka filsafat Jerman abad 18, hang nduweni kekarep ring suwijine ideologi nasionalisme hang dadi pertimbangan dienggo ngangkat basa, hang kesebut ring dina mburi yaiku basa Using, dadi basa resmi.
Basa kang dadi tandha Kabupaten Banyuwangi merga etnis aseline hang nganggo basa Using dianggep rakyat Banyuwangi aseli hang itungane paling akeh ring kono.Taping akeh pisan etnis liyane kayata Arab, Bali, Bugis, China, Jawa, Medura, Mandar lan peranakan Landa lan liya-liyane, kerana Banyuwangi dadi panggonan pelabuhan segara internasional sakat bengen. Adol tinuku nganggo sarana laut iki dadi dhemenane uwong akeh. 
Etnis sak liyane Using akeh pisan. Kadhung nana sebutan wilayahe hang dadi identitas basa, wong-wong tekan iki hing duwe rasa nduweni (sense of belonging) hang bisa dadi alangan dienggo perujukan basa resmi hang kesebut mau.
Kadhung diarani basa Using, etnis liyane hing duwe “kewajiban” nganggo basa iku, soale iyane hing ngerasa dadi etnise. Dadi bisa njumbul omongan kaya gedigi: “Isun wong Mandar, tapi manggon ring Banyuwangi. Isun tetep nganggo basa Mandar. Polae isun dudu wong Using.”
Beda kadhung basane diarani basa Belambangan. “Isun manggon ring Blambangan. Masiya teka Mandar, isun kudu bisa basa Belambangan merga isun manggon noring Belambangan.” Kahanan gedigi iki emeh padha ambi basa Melayu hang didadekaken bibit kawit basa Indonesia. Aja sampik maning mindhoni kegagalan pengajaran Basa Sunda nyang murid-murid sekolah ring Depok, Bekasi lan Kerawang. Masiya Jawa Barat wis nduwe Peraturan Daerah No. 5 tahun 2005, telung wilayah iku malah mbusek muatan lokal bahasa Sunda (harian Republika 7 Mei 2011). Malah saiki ana usulan, Jawa Barat kepingin ganti aran lan didadekaken propinsi Sunda.


Bahasa Belambangan kudu digedhekaken lan dimajokaken.
Ana uwong-uwong Using aseli hang ngerasa, kadhung basa Using ring kampunge iku, basa Using hang paling aseli, paling deles hing kecampur ambi basa liya. Penemu iku kaya-kaya ngarani basane uwong kutha, utawa malah desa liyane, wis kecampur ambi basa liyan. Mesthine basa Belambangan diutamakaken. Kabeh basa-basa ring donya iki hing ana hang bisa ngadeg dhewek. Lan dienggo apike perujukane, ucap ujar kudune dijugeri maning, ditambahi, bisa teka njero bisa pisan disilih teka basa liya.
Pengalaman penulis dhewek, ngedhit lan ngalihbasa pirang-pirang artikel bisa dadi tuladha. Ucap-ucap ring Basa Using kurang akeh. Ring kamus Basa Using-Indonesia iku mung ana kira-kira 24.000, acake bandhingaken ambi basa Indonesia ana 120.000an. Basa Inggris 300.000an. Salah sijine merga sakat bengen basa Using iki sing diuwani kesempatan merujuk ring telatah basa tulis. Acak itungen buku, majalah, koran, media portal  hang nganggo basa Using. Hing sampek rong lusin. Ring Banyuwangi, sastra hang bisa merujuk mung sewates dongeng tutur lisan lan gendhing-gendhing. Nalikane dienggo basa tulis dadi kaya kesandhung-sandhung. 
Semangat hang sing tau kiyep
Semangat uwong Belambangan, kaya hang ditulis ambi Scholte , masiya wis diantemi kana kene ambi wong liyan, tapi hing tau kiyep. 
Kasebut ucap Belambangan, iku karepe ya nduding ring telatah hang bengen, rakyate wanen ngelawan penjajah. Diakoni ambi Landa dhewek, gok Perang Bayu, hang dilakoni ambi uwong-uwong Belambangan, dadi perang hang paling akeh ngentekaken bandha lan nyawane prajurit Landa, sak dawane Landa merentah ring bumi Nusantara sampik jaman kedadeyan perang Bayu iku mau.
Dadi kudu dikawiti kapan bisane mbalik maning nong telatah hang aran: Belambangan, basa Belambangan lan wong Belambangan?

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf