Tekad Pokdarwis Pondoknongko Nggawe Jujugan Wisata

Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Selasa, 28 Juli 2020 07:40 WIB)
- Laporan



Jujugan wisata hang apik mbutuhaken perjuangan gedhi, sing bisa sakkal dadi utawa usaha sukur-sukur. Perjuangan gedhi diangkati teka proses hang katon mata sampe hang sing katon kaya rengrengan arep digawe kelendi panggonan wisata iku mauka. Donga lan ihtiar mestine wis digawa terus dienggo nyulap panggonan hang sing kerumat dadi jujugan wisata.
Sapa bain hang nandur apik bakale manen uwoh-uwohan hang apik, gedigu tekade lalare kelompok sadar wisata (Pokdarwis) Pondoknongko. Iyane kabeh percaya pesisir hang arane Kedungderus lan saikine digarap bakal dadi apik uga ngasilaken. Pokdarwis Pondoknongko sing mung sepisan pindho uliye berjuang, wis sakat taun 2019 kelompok iki diresmikaken sakkalan iku uga lalare iki mangkat tandang. Diangkati teka kegiatan gugur gunung rijig-rijig panggonan, nyulami uwit cemara hang mati lan uwit cemara hang doyong dilanjari nganggo jajang makene urip dhuwur lurus. Sakliyane iku mauka, barang hang paling abot dilakoni yaiku ulihe ihlas lan mituhu melaku ngapik-apiki rencana jujugan wisata.

Ya sing mesthi uwong nduwe sipat ajeg kaya pokdarwis iki. Iyane kabeh tau mandheg utawa prei tandang ngembangaken pesisir Kedungderus yaiku sakat pegeblug Corona mara ring Indonesia, hususe Banyuwangi. Sakat teka PSBB, jaga jarak, sing ulih kumpul-kumpul, sakkalan lalare kaya kayangan sinf nemu angin, sing ana ebuke maning. Ahire, buru ulan-ulan sore iki lalare wis padha ebuk maning merga pemerintah wis nggawe kebijakan Normal Anyaran.

Merga sing tau disambang, pesisir wis dhedhegan maning, suket-sukete dhuwur-dhuwur, uwit-uwitan nyelengkrah merana-merene, romot teka alam numpuk, taping gelem sing gelem ya tetep lan kudu ditandangi.

Lalare Pokdarwis sing ana hang ngupahi. Aja dikira lalare iku diupahi arian utawa borongan misale kadhung ambyak-ambyakan hang teka. Aja dikira maning lalare iku mangane wis ana hang nanggung, kabeh dilakoni kelawan ihlas lan niat lillahita'ala ulihe melaku. Sangangpuluh persen lalare iku bandha dhewek, ngombene, mangane, bensine lan sakliyane. Sing abot tah? Ya wis dilakoni kelawan ihlas mauka, hang abot ya ajege njaga usaha sampek bener dadi jujugan wisata masiya sampe njungkel kelumah kemureb dilakoni. Perkara asil ya Gusti Allah hang ngeridhani.

Kolaborasine uwong-uwong kudu diuripaken. Jaman saiki kadhung melaku dhewek-dhewek arep gaduk ring panggonan iku suwi, taping kadhung dilakoni bareng-bareng barang hang abot bakale enteng lan nguber tujuane bakale cepet. Saktemene ya sing kudu digiring makene bisa kolaborasi, uwong-uwong ya wis kudu padha ngerteni mergane kadhung wis asil kabeh iku bakal balik maning ring masyarakat. Akeh hang bisa ditemu, kadhung kabeh padha ngerteni lan gelem kolaborasi nyincing barang sak ton bakal enteng kadhung tangane kabeh padha ngangkat.

Muga bain ulihe lalare melaku iki temenan diridhani Gusti Allah Hang Maha Agung, lalare wis ngorbanaken sekabehane, materi uga tenaga. Tujuane ya saking dienggo nyumbangsih kanggo masyarakat lan kelompok nelayan makene ulih pendapatan tambahan. Lalare muga ditambahi sipat sabar, ikhlas lan kesehatan makene kabeh hang diperjuangaken sing siya-siya. Masarakate padha sadar. Muga bain kelawan nggawa niat lillahita'ala sekabehane dilancaraken lan pesisir Kedungderus ring ulan-ulan ngarep iki wis mesadu dadi jujugan wisata.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf