Tembung Geni Dadi Sarana Perdamaian
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 27 Juli 2021 08:18 WIB)
- Laporan
Bayangena tahun 1990an. Hang aran dhaerah Rumpin hang ana ring kulone Bumi Serpong Damai (BSD) magih emeh kaya alas. Saiki bain magih akeh hang durung weruh Rumpin iki nong endi panggone masiya dalan aspal wis melebu nong kono.
Aja maning Rumpin, taun 1990an iku sebagiyan BSD kaya mol Teras Kota saiki lan sak ubengane magih dadi kebon karet. Ring Rumpin bengen wit-witan ya magih kaya alas temenan. Kadhung dalu sintru, peteng jumbleng. Magih anjrah wong-wong melaku sak dalan-dalan nggawa kelewang lan tradhisi jawara kampung magih dadi pemandangan hang biyasah.
Kadhung tepak Ramadan, marek teraweh lalare desa kono menganane ngelurug nang BSD kanggo main uncal-uncalan "perang" mercon. Kahanan ini nggawe priatine wong tuwek para santri ring Pengajian Masjid At-Taqwa, Komplek Lembaga Penerbangan dan Antariksa Nasional (LAPAN) hang panggone ana ring Rumpin.
Ana wong Jajag Banyuwangi hang diceluk Kek Atek, peneliti ring LAPAN ngenalaken Tembung Geni hang kaya wis dadi tradhisi ring pesantren-pesantren Banyuwangi, kanggone lalare kono timbang memengan mercon.
Tembunge iki digawe teka kelapa hang hing patiya gedhi, dikenceti kulit njabane, kari sepet hang mbungkus bathoke kelapane. Aju kelapa hang wis dikenceti iki diekum lenga gas sedina sewengi lan dicolok sedurunge main.
Kanggone wong desa kono, menganan tembung geni kaya wis dianggep menganane wong-wong hang hing mempan dibacuk. Dadi masarakat kono iku seru hurmate nang Kek Atek.
Alae minangka peneliti Kek Atek iki weruh gok tembung geni iki aman kanggone menungsa. Pokoke prosedure dilakoni "lan aja lali ndonga sulung," jare Kek Atek. Katone bain medeni.
Minangka peneliti, Kek Atek weruh teorine. "Tangan utawa sikil iku bisa nahan panas sampek 60 derajat Celsius sampek maksimal 10 detik. Dene main tembung geni iki sikil utawa tangan mung nyemplok geni paling rong detik. Dadi potensi tangan lan sikil nahan panas iku relatip gedhi lan aman," tambah wong hang aran jangkepe Ir. Atik Bintoro, MT. APU. Iyane iki hang milu ubret ngembangaken teknologi drone (montor muluk hang disetir teka kadohan).
Dadi kelawan main Tembung Geni wong tuweke girang, lalare padha dhemen. Kadhung tepak tembunge ngawang, genine bisa molor sampek semeter nggawe kaju wong-wong desa kono. Malah Tembung Geni tau dadi alat perdamaian tepak ana warga desa/dusun hang tukaran.
Tau ana masarakat desa hang bengkerengan sak mareke pemilihan Ketua Badan Permusyawaratan Desa /BPD Sukamulya Kec. Rumpin sekitar tahun 1999. Taping merga akeh hang kenal sakat milu bareng mainTembung Geni pungkasane kabeh dadi rukun.
"Ring kawasan kono, masarakat umum weruhe nong Isun iku minangka guru, dosen, juru damai lan pawang Tembung Geni teka Banyuwangi," jare Ahli Peneliti Utama ning Pusat Teknologi Penerbangan LAPAN, Kepakaran Bidang Teknologi Penerbangan dan Antariksa, Sub bidang Disain Kendaraan Ruang Angkasa, Misil, dan Satelit.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







