Teradhisi Njaga Lestarine Sumber

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 25 Juli 2025 07:04 WIB)
- Esai



Teradhisi Njaga Lestarine Sumber
Ditulis ring Eko Budi Setianto


Kadhung dititi lan teliti temenanan, kabeh adat lan teradhisi hang diwarisaken turun-temurun ambi para
leluhur, mesthi ana maksud lan kekarepane. Maksud lan kekarepan hang ‘dibungkus’ liwat teradhisi iku bisa merupa wewarah hang kudu diugemi, masiya sing dilungsuraken langsung liwat omongan terang-terangan naming liwat ‘simbol-simbol’ hang perlu diaji, dititi lan diteliti lebih jeru.
   Liwat cara-cara hang simbolis kaya iku (nawi bain) hang dikarepaken ambi para leluhur supaya anak-putu keturunane kala nganakaken utawa nggelar acara adat-teradhisi sing mung sak derma ngelakoni tanpa ngarteni paran sak benere hang dikarepaken ambi para leluhur.
   Umume, wewarah hang dilungsuraken liwat adat-teradhisi iku akeh-akehe ngenani paran bain hang dianggep penting noring penguripan sedina-dina. Teradhisi kaya iku bisa dideleng nung Desa Kemiren,
Kecamatan Glagah, hang saben taun masarakate magih ajeg nganakaken teradhisi Rebo Wekasan.
   Miturut para sesepuh adat desa Kemiren, teradhisi hang biyasahe dianakaken angger dina Rebo pungkasan noring ulan Sapar iku duwe maksud kanggo nyucekaken banyu.
   Kadhung dipikir cara nalar, teradhisi Rebo Wekasan hang wujude arupa selametan hang dianakaken noring sumber-sumber hang ana ring sak dawane pinggir banyu-mili hang ana ring Desa Kemiren iku mula sing melebu nung akal. Sebab, aju kelendi carane mung kelawan nganakaken selametan nong pinggiran banyu-mili naming sumber-sumber iku banyune tetep bisa meloncor deres lan kening sak dawane taun?
   Mula sing melebu akal. Naming kadhung dipikir lebih jeru lan dipahami maknane, ketemune ya mung rupa wewarah ngenani kelendi carane para leluhur bengen njaga lan ngerumat alam sakubenge supaya sumber-sumber banyu bisa tetep deres iline.
   Kadhung ditapsir cara bebas, adat teradhisi Rebo Wekasan iku setemene minangka wewarah nang anak-putu kelendi carane njaga lan ngerumat alam-lingkungan. Kadhung alam-lingkungan bisa tetep wutuh lan lestari, padha ambi njaga supaya sumber-sumber banyu iku uga bisa lestari. Mangkane, liwat teradhisi Rebo Wekasan iku, masarakat Desa Kemiren rumangsa kaya diweni tanggung-jawab gedhi njaga alam-lingkungane.
   Ngenani teradhisi Rebo Wekasan ini uga diceritakaken ambi sesepuh adat Using liyane, yaiku H Djohadi Timbul. Miturut budayawan iki, Rebo Wekasan nduweni makna ‘nggadugaken wewarah’ teka para leluhur nyang generasi anak-putune. “Wekas iku yara maknane pesen utawa wewarah. Dadi wekasan iku yaiku teradhisi nggadugaken utawa nyambung wewarah."
   Teradhisi Rebo Wekasan dikawiti nganakaken selametan ring sumber-sumber banyu hang ana ning Desa Kemiren. Hang disuguhaken ring selametan iku arupa jenang abang akehe 7 takir lan jenang putih sak takir. Jenang abang lan putih iku aju diendoh nong pareke sumber-sumber hang ana.




Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Eko Budi Setianto

Editor: Hani Z. Noor