Toko Timur Bersaudara, Saksi Jayane Media Cetak

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 04 November 2021 08:19 WIB)
- Laporan



Nong endi kadhung arep golet buku-buku basa Using? Hing ana maning panggonane kejaba ring Toko Buku Timur Bersaudara hang ana ring elore Perliman. Sak liyane buku-buku basa Using, ya ana pisan buku karangan penulis Banyuwangi liyane hang nganggo basa Indonesia. Hang akeh mula buku-buku pelajaran. Buku bacaan umum ya akeh pisan.
Toko buku iki dadi saksi sejarah jayane media cetak sampek dadi nang sesehane industri seperene.
Setemene mbukak toko buku iki kawitane hing nyeja, jare kang Erwin Bahtiar hang diserahi nerusaken toko iki teka ring ruwahe bapake yaiku pak Haji Mansyur. Bengene pak Haji Mansyur iki dodolane barang palen ring pasar kidul (Jalan Susuit Tubun) pinggir elor pareke Toko Buku Sadar. Aju tepak ana pelebaran dalan, toko Sadar tutup, pak Haji Mansyur iki ndeleng ana peluang, dadi bukak toko buku. 
   Asal aran Toko Timur iku teka embahe bengen, merga posisi los/bedhak tokoke ana ring wetan. Pilosopine wong ngawiti golet rejeki bareng ambi melecire serngenge hang teka wetan "Timur". 
"Lamuna mbukak cabang nong panggonan liya ya sing kira ninggal aran Timur iki," jare kang Erwin. 
   Hang saiki dipanggoni setemene umahe. Aju sakat taun 1988 pak H. Mansyur ngawiti mbukak ring umahe kono. Jaman semono, toko buku magih ngerasakaken jayane industri buku merga durung ana persi digital. Lalare sekolah magih tuku buku pelajaran nong toko buku. Media masa cetak ambyak-ambyakan.
   Sakat era taun 2000an, penerbit buku langsung kerjasama ambi sekolah, majalah wis sasate emeh matek kabeh. "Hang ana saiki iki mung Jawapos lan koran nasional kari Kompas. Majalah teka grupe Kompas mung kari Bobo," jare kang Erwin. 
   Tepak jaya-jayane media arupa majalah lan koran marek Reformasi taun 2000an bisa sampek 300 hang diedol ring toko Timur.
   Merga keseren donya digital, metune hape lan semembure media dotcom, media cetak padha sesehan lan matek. "Kadhung bengen kapan sing maca majalah lan koran hing weruh berita nong njaba kelendi," jare kang Erwin.
   Saiki buku magih ngewani untung hang lebih gedhi taping pemasukan harian tetep teka koran lan media cetak. Hang uga magih payu, buku Teka Teki Silang. "Majalahe wong hang iseng, magih payu seperene," jare kang Erwin.
   Dene buku hang tetep digoleti yaiku buku basa Using hang ana hubungane ambi sekolahan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor