Tokok lan Warung Gratis Ring Kantor Kecamatan Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 09 Agustus 2021 09:27 WIB)
- Laporan
Wis emeh rong minggu iki, kadhung rika liwat kantor kecamatan Banyuwangi, ana rombong, meja lan rak kelambi hang nyedhiyani macem-macem kebutuhan kelawan prei mbayar alias gratis.
Sak liyane beras lan woh-wohan, ana sega bungkus, janganan mentak, kitab suci Koran, roti, kelambi anyar lan kelambi bekas taping magih apik, lan masker.
Arane Pardhu Ain (Parcel Dhuafa dan Anak Yatim) freemart manggon ring gedhung PKK Kecamatan Banyuwangi (pecake Kantor Bank BPR Jatim) ring mburi Kantor Kecamatan, sak cungkup ambi organisasi pemuda Etalase lan Warung Serawung.
"Merga magih PPKM iki tukang masak ring Warung Serawung milu nyiapaken sega bungkuse," jare Taufiq Shaleh hang dadi direkture.
Rong minggu kepungkur, rombonge ana ring ngarepe kecamatan, taping saiki wis dideleh ring mburi. Sak liyane lare atim lan wong duapa, akeh pisan wong-wong liyane kaya tukang ojek hang mampir njuwut sarapan. Kelambi ya cepet gemete, saben dina rong rak entek. Dene sega bungkus hang disedhiyani ana kira-kira 50 bungkus. Isuk mbukak jam pituan sampek kira-kira jam 10 wis entek, jare Taufiq.
Kanggo melaku jejeg saben dinane, Pardhu Ain merlokaken kira-kira 1.750.000 rupiah saben minggune.
"Kene hing njaluk sumbangan, taping ngejak wong-wong hang nduwe wigati kanggo fastabiqul khairat," tambah Taufiq hang kerep diceluk Pak Cik iki.
Saiki mula Kecamatan hang nyedhiyani sembako, sisane pemuda Etalase hang melaku golet dhewek.
Lalare Etalase iki hing mung mandheg mbagi sega bungkus ring kantor kecamatan, malah sega bungkuse ya dilibengaken lan dibagi ring panggonan liya nganggo montor.
Lalare Etalase sakat taun sore ring kawitan ana pageblug iki wis duwe kawigaten kanggo masarakat terdampak. Mbagi sembako, ambi Asosiasi Chef Indonesia hang diwakili chef-chef teka hotel-hotel hang ana ring Banyuwangi, olah panganan ring kantor kecamatan saben dina. Asile dibagekaken kanggo masarakat terdampak ring kutha Banyuwangi.
Mariku dikonsep Warung Serawung, yaiku kumpulan warung-warung hang biayane digendhong indhit, bisa tuku uga nyedhiyakaken panganan gratis kanggo sapa bain hang butuh. Hang tuku bisa mbayar lebih sak ihlase, lebihane mau kanggo ngewani gratis nang wong liya hang mbutuhaken. Umpamane hang tuku sak porsi panganan utawa ombenan, bisa mbayar rong porsi utawa telung porsi. "Dadi hang tambahan iku diwakaken gratis kanggo sapa bain," jare Pak Cik. Konsep iku dikembangaken dadi Pardhu Ain iki mau.
Ring Pardhu Ain, lalare atim lan duapa bisa milih dhewek barang hang didhemeni, kaya ring tokok biyasah, aju bisa nggawa mulih barange hing kathik mbayar.
Ring kepengurusan Taufiq disokong wakil Sofi Abdurrahman, Sekretaris Ribut, bendahara Tutus Arofah Hesti Arini lan anggota Adil, Haries, Robin.
Hang kepingin milu urunan dienggo nyokong kegiyatan iki bisa transfer nang rekening BCA atas nama Tutus Arofah Hesti Arini Nomer rekening 1801363119.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







