Anggitane: NURHARIRI
(Selasa, 19 Oktober 2021 09:23 WIB)

Tradhisi Endhog-Endhogan


Ater-ater: Kanggo mengeti dina laire Kanjeng Nabi Muhammad SAW tanggal 12 Robiul Awal, wong Banyuwangi nduwe tradhisi endhog-endhogan. Tradhisi iki ditulis kelawan cara gurit ambi kang Lirix Al Harir.

Endhog-Endhogan

Direngga kembang deluwang, ijo kuning biru abang, maneka rupa macem kembang. Melik-melik kembange akeh hang nyawang, dironce-ronce ring jajang, dieman-eman dikudang-kudang, Kembang Pajar hang kemencang, katon padhang kari tawang.

Endhog bebek disunduk deling, awak dhewek ring Pengeran kudu iling. Kaya bebek hang keneng digiring, laku jejeg aja sampek kepaling, kejala waring napsu hang garing merkingking, kerana padha lali ring weling. Mula padha diiling, aja sampek lali maning, makene ati sing gonjang-ganjing aju munting.

Kembang endhog ditancepena ring gedebok gedhang. Dadi uwong ayo padha patheng tandang, manpaat kanggo wong liyan lan sanak kadang. Tiba tumiblak jenggirat tangi hang gancang, aja mati sak durunge ana hang disawang.

Endhog-endhogan diarak keliling, iku mung kanggo pengiling-iling. Donya Iki mung iming-iming. Kala-kala mucuk metingkring, kadhang ana ring ngisor gulung kuming. Padha nonton seru gancange ambi cincing-cincing, rebutan sampek kepelanting-pelanting, hang direbut daya mung gajah uling.

Endhog-endhogan, marhabanan hang dadi gendhing. Ngegung-egung lan muja-muji ping kaping-kaping. Entek ngamet golet maning. Menungsa pilihan, sing kaya menungsa taping. Berlian mencirat ring antarane kerikil masiya dadi aling-aling.

Menungsa agung naming sing gemegung. Andhap asor masiya ditawani emas sak gunung. Dadi kuwung ring awang-uwung, dhuwur dijunjung budi luhung, alang-alang hang ngalang kudu dilarung.

Laire dirandhu, setan Iblis padha melayu. Ana tangis kelayung-layung, tangise Iblis hang kedhuhung. Runtang-runtung Iblis lan setan padha njaluk tulung, ngalor ngidul ngetan ngulon naming sing gelem mutung. Mula aja sulap nyawang ulan meledhung, nyatane jala sutra Iblis hang nggawe lewang-lewung.

Siji sholawat hang diucap, sepuluh rahmat hang dikecap. Padha rebutan kari rahab nyamber anter kaya alap-alap, Iblis lan kanca-kancane bingung padha kalap.

Endhog-endhogan, nguri-nguri budaya Banyuwangi. Dijabuti, diedum siji-siji, andum selamet iras shalawat Nabi. Berkat ditampi, shalawat sing mari-mari. Cemenge kopi, senenge ati, aju ancak dikembul dadi siji.

Bumi Shalawat Badar Banyuwangi 18 Oktober 2021/ malem 12 Robiul Awal 1443 H

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor