Tradhisi Endhog-Endhogan, Ancak ngambah Balikpapan, Malang lan Palembang
Arif Sugiono (dipublikasikan pada Senin, 02 November 2020 08:10 WIB)
- Laporan
Tradhisi ngarak endhog-endhogan lan mangan kembul sak ancak setemene adat hang merujuk ring Banyuwangi naming saiki wis ngambah panggonan endi bain hang ana wong Banyuwangi kayata ring Balikpapan, Malang lan Palembang.
Tradhisi kanggo mengeti dina kelairane Kanjeng Nabi Muhammad SAW saben tanggal 12 Rabbiul Awal ring penanggalan Islam iki jare bengen dikawiti ambi ruwahe Kiai Fakih Cemoro Songgon.
Ring Balikpapan, endhog-endhogan lan mangan kembul ring ancak dianakaken ring Ikawangi Community Center uga diramekaken seni hadrah hang dikolaborasi ambi gamelan has Banyuwangi.
Ketua Umum Ikawangi AKBP H.Suyitno. SH. MHum ngomong nong belambangan.com muludan nganggo endhog-endhogan lan ancak iki hang kepisan dianakaken ring Ikawangi Balikpapan minangka rasa sukur warga Banyuwangi hang ana ring Kalimantan Timur iku. Uga wujud sukur nyang Nabi Muhammad SAW hang wis nggawa wong-wong teka petengan nong dalan padhang hang diridhani ring Pengeran.
kembulan sak ancak petang sampek limang uwong ngemu tujuwan kanggo ngeraketaken uwong-uwong makene saya guyub.
Tausiyah teka Ketua Tanfidziah NU Balikpapan, KH. Muhammad Mukhlasin ngengetaken kabeh warga Banyuwangi kudune neladani tingkah polahe Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Utamane njaga kerukunan sak umat Islam, kerukunan sak padha menungsane lan sak bangsane.
Iwuh muludan ditutup kelawan rebutan endhog hang ditancepaken ring gedebog.
Ring Malang, warga Ikawangi Malang Raya hang wis saben taun nganakaken iwuh Muludan, rada ngersula merga taun iki hing bisa ngarak endhog-endhogan kaya biyasahe merga ana pegeblug. Jare humas Ikawangi AMM, Kang Abdul Basit ana ancak 50 lan 300 endhog.
Muludan cara Banyuwangi iki liyane ana endhog-endhogan lan mangan kembul nong ancak, uga diisi serakalan. Ana pisan ceramah hang diisi ring Gus H. Nadif Anwar, LC teka Sidoarjo. Iyane iki huffadz Al Qur'an alumni/santri teka Habib Umar Hadromaut Yaman, hang ngengetaken warga neladani uripe Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Iwuh ring markas besar AMM Kebonagung Malang panggonane Abah Ilham, iku uga ditekani Kang Dayat Osing teka Ikawangi Jakarta lan Kang Antok teka Ikawangi Surabaya.
Ring Palembang Sumatra Selatan, Ketua umum Ikawangi Sumsel, Kang Suroso ngomong masiya Ikawangi buru bain ngadeg taun iki taping wargane padha semangat anggone nganakaken muludan nganggo endhog-endhogan lan kembul ancakan.
Kelawan tema "Kita Teladani Perjuangan Rosullulloh SAW dalam mempersatukan umat”, iwuhe diramekaken ring serakalan utawa maca kitab Al Barjanji hang dilakoni ambi Remaja Masjid hang rata-rata lare enom keturunan Banyuwangi hang dipimpin Ustadz Ari Wahyudi, perwakilan teka Ogan Komering Ilir (OKI).
Jare Ustad Ari endhog iku ana telung lapis. 1. Kulite endhog minangka perlambang Islam lan Keislaman 2. Putihe endhog minangka lambang keimanan umat lan 3. Kuninge endhog minangka embrio utawa roh.
"Isine endhog kadhung hing nganggo kulite, bakal bubar. Semono uga kulit tanpa isi hing ana artine. Filosofi tradhisi endhog-endhogan iki minangka lambang dadi sijine Islam lan iman nyang Allah SWT," are ustad hang aseli teka Gendoh.
Iwuh hang ngarak 320 kembang endhog iku digelar ring sekretariat IKAWANGI Sumsel Jl. Balap Sepeda Lrg. Muhajirin IV, Kelurahan Lorok Pakjo Palembang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






