Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 22 November 2020 07:38 WIB)

Tukang Suwuk


Tepak isun cilik bengen, tipi durung pati akeh hang duwe. Aja maning tilpun cekethem, tilpun umah bain ya magih arang ana. Kadhung samarwulu wis teka, lare-lare padha melebu umah, utawa ngaji nong langgar. Ngajine cara Melayu, alif di atas a, alif di bawah i, alif dapen u, a-i-u. Dudu nganggo cara Jawa: alif fathah a, alif kasrah i, alif dommah u, masiya unine ya padha bain: a-i-u. 
Marek isyak, buru lalare padha ngaton maning. Kayane sing ana hang nggenteng sinau pelajaran sekolah. Isun paceke lungguh-lungguhan ring ambal-ambalan ngarep umah, gesah ambi misan-misanan lan dulur liyane hang sak umuran. Kadhange kadhung teka ulane tanggal 15 Jawa, ulan katon bunder seser ring ndhuwuran nyentrongi pelataran, kaya ana telempik gedhi hang madhangi dalan. Kadhung padhangulan digi, lalare padha girang, memengan pelayonan, jeg-jegan, puk kerupukan lan liya-liyane.
Uwong-uwong tuwek ya gesah dhewek ring kursi penjalin endhep. Meja marmer bunder putih semu kelawu emeh entek panggonane diebeki ambi lumur lan toples cilik isine jamudin. Ana Man Jarkesi hang paceke nganggo kelambi cemeng celana cemeng, udheng sampatan batik paras gempal soklat ana selirite putih, hing tau kelalen cemanthel nong endhase. Ana Anang Usik hang umahe parek langgar hang paceke kethuan cemeng lan Man Jakpar, bajingan cikar hang nguwot paran bain sak anane pesenan tangga-tanggane, kadhang pasir, kadhang gedhang, kadhang ya mung suket dienggo pakan sapine.
Nong parek pelataran, wit-witan dhirik, ana gedhang, jambu, nangka. Dhung bengi wis teka, peteng jumbleng, langit mung katon kaya kelasa hang ditempleki lintang cilik-cilik, taping padha kemeredep kaya silite liplipnyang hang miber merana-merene menclok nong wit-witan. Seru apike. 
Ring ndhuwur wit gedhang kidule pelataran, paceke ana geni murub, kaya oncor hang diserewataken teka kadohan. Kadhang werna abang, kadhang ijo, kadhang kuning. Jare Man Jarkesi iku arane panah, lan lare-lare cilik hang weruh, dikongkon mberak: “Tai...tai...tai.” Makene panahe mati lan hing nggawe belahi nyang uwong hang dikirimi. Embuh apuwa gok ana uwong seru dhemene nggawe uwong liya nemoni belahi. 
“Delengen engkesuk, kadhung ana uwong hang kadheman ya kerana panah iku. Kadhung using ya keneng uwit hang ditandur nong ngarep umahe. Uwite hang mati, garing,” jare Man Jarkesi. Man Jarkesi iki penggaweyane tukang urut, paceke diceluk apak mijeti anak-anake hang sikile keseleyo merga menganan tembung, tah mung kerana kekeselen marek mangkat mulih sekolah melaku sedinaan. Kadhange iyane diceluk tanggane dienggo nambani lare hang sawanen, utawa kadhung ana uwong hang kejimen.
Man Jarkesi nutugaken omongane, “Kadhung uwonge hang keneng, kudu digoletaken syarat nyang wong tuwek hang ngarti ilmu gedigonan makene gancang aron.”
Hang katon, uwong hang keneng mung dikepros banyu arum hang diendohi kembang pitung rupa. Sedurunge ngepros, wong tuwek hang nambani melebu kamare. Embuh ring njero kamare wong tuwek iku mau, paran hang dilakoni, gok mara-mara iyane weruh sapa hang ngirim panah. Malah disebutaken nong endi umahe, ngadhep nong endi, sampek dedeg lan peraenane wong hang ngirim. Biyasahe, iyane ya takon nawi ana uwong hang kesemplok atine merga utang, kerana penggaweyan, utawa sebab urusan liya hang sing bisa diuntabaken.
Ana hang ngomong, wong tuwek hang nyerekal biyasahe nawani uwong hang ditambani mbalekaken nyang uwong hang ngirim. Endane, kaya wong surat-suratan, kathik ana hang ngirim terus diwangsuli, batinisun. Pantese wong loro hang kirim-kiriman panah iku seru hebate, bisa gesah-gesahan kelawan ngirim surat hing kathik liwat tukang pos? Surate mara-mara dicelorotaken teka umahe hang diejak gesah, ngeliwati awang-awang suwung sing ana hang ngalangi, lan bisa sampek nyang alamat hang dituju. Bengen durung ana hang aran satelit lan GPS, durung ana hape, durung ana jaringan internet, kelendi hang arane surat arupa panah iku mau bisa nggoleti alamate uwong lan hing bisa luput?  Setemene, hang ngelakoni kirim-kiriman panah iki ya wong pinter hang nduweni ilmu lebih, kaya ilmu satelit jaman saiki. Kari nyetel alamat uwonge nong endi, dikirimaken surate. Hang melaku mung barang arupa geni, apuwa surate hing kobong pisan? 
Lare-lare kancanisun hing patiya ngereken, magih ketungkul ambi menganane. Mung isun hang takon: “Napuwa gok enten tiyang kirim-kirim, Man?”
“Ya, macem-macem niyate uwong. Ana hang mung nyobak ilmune, ana hang dikongkon uwong liya hang duwe urusan,” jare Man Jarkesi ambi ngetokaken welek udud teka cangkeme. Kopi hang kari gedhohe diseruput pisan.
Kisuke, tepak melaku sekolah, liwat lompongan ngarepe umahe Man Jarkesi, cumpu uwit kates gantung hang biyasahe katon seger, saiki katon garing kabeh,  godhong ambi uwite kembang katese hang dawa-dawa padha alum. Endane sapa hang kirim surat nyang Man Jarkesi ya, batinisun.
Kisuk dalune, Man Jarkesi merdhayoh maning. Magih nganggo kelambi cemeng-cemeng, udheng cemeng semu soklat jelarit putih kaya suwiwine dara gambir selat, nduduhaken sing ana paran-paran. Masiya tanduran nong ngarep umahe mara-mara garing.
“Ya mula sing ana paran-paran,” jare Man Jarkesi. “Makene wih ana uwong hang ngirim surat arupa geni, hing Sun ladeni.”
Man Jarkesi cerita gok mula ana uwong hang ngirim pirang-pirang ulan iki. Hang sepisan keneng uwit jambu, kelapa gadhing, wit epoh. Mung wit kelore hang magih wutuh. Hang pungkasan ya wit kates gantung iku.
“Urip mung sepisan, kadhung niyat apik lan digawa apik, dadine ya apik. Aja ngeladeni wong hang ngajak tukar, kabeh iki menusa hang duwe rasa ring atine,” jare Man Jarkesi ambi ngelinting mbakone.
 “Uwong urip, kudu kaya kelapa. Akeh gunane kanggone wong liya. Kelapa iku ngadege jejeg hing perduli kuwate angin hang nerak kaya paran, tetep jejeg sagah. Teka odot, bonggol, uwite, janur, belarak, bongkok, uwohe, sepet, cumplung, bathoke ana gunane kabeh,” jare Man Jarkesi.

Selat pirang ulan, isun rungu gok Man Jarkesi digawa uwong jak papat hang nunggang montor gedhi. Uwong-uwong hang awake dhempal. Rabine hang melung-melung njaluk tulung ya hing bisa paran-paran, mung bisane ndileng dedege rabine sagah kaya uwit kelapa. Man Jarkesi digawa hing kober ngganggo udhenge belaka. Mara-mara ana kabar gok mayite ditemokaken diwadhahi karung dideleh nong parek perapatan. Jare uwong-uwong Man Jarkesi kelebu uwong hang dhemen ngirim-ngirim panah nong endi-endi. Embuh uwong-uwong dhempal iku mau sapa, lan hang ngongkon sapa gok duwe ati sampek mateni uwong apik kaya Man Jarkesi, uwong hang pegaweyane mung nyuwuk lare sawan lan mijet tangga-tanggane. 
Kisuk-kisuke, isun magih kerep ndileng panah seliweran. Taping wis hing ana hang nyelorot nyang umahe Man Jarkesi.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf