Ucap Silihan ring Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 07 Mei 2020 10:40 WIB)
- Kolom Bahasa Using

Bener tah, ucap-ucap ring basa Using, ana hang nyilih teka bahasa Inggris, kayata: nagud (teka, no good), utawa sulung (so long), adres (address), papir (paper) utawa desa Kelir (color)?
Istilah silihan kadhung ring basa, iki maksude ucap-ucap hang dijuwut teka basa liya. Jare edhitore buku Loan Words in Indonesian and Malay, Russell Jones, mesthine hang bener datane dijuwut teka kamus hang mula nyathet asal-usule ucap hang ana ring basa iku. Kadhung ndeleng akehe ucap-ucap ring kamus Using utawa kamus Indonesia mesthine ya hing maido kadhung akeh ucap-ucap Using hang nyilih teka basa liya. Kamus Using iku buru mung nyathet kira-kira 24.000 ucap, basa Indonesia ana 120.000, bandhingaken basa Inggris ana 300.000.
Silih-silihan ucap iki mula bisa dititeni. Hang nomer siji, merga lontar-lontar hang ditemoni ring Banyuwangi, ditulis nganggo hanacaraka (carakan), lan basane ngabggo basa Jawa kuno pertengahan hang magih akeh njuwut basa Sansekerta, kadine akeh silihan ucap teka basa Sansekerta. Umpamane suwarga, puwasa, cepak, ri (ring). Basa Using nduweni akeh ucap hang emeh padha ambi basa Jawa lan njuwute teka basa Jawa kuno merga Basa Using lan Jawa moderen iku oyote padha-padha teka basa Jawa kuno, jare ruwahe Suparman Herusantosa ring disertasine Bahasa Using di Kabupaten Banyuwangi.
Hang nomer loro tepak Islam melebu Belambangan, sakat jamane Maulana Iskak nambani anake raja Belambangan Dewi Sekar Dadu/Dalu lan akehe lontar lan babad hang ditulis nganggo cara Arab pegon, akeh pisan ucap-ucap hang disilih teka basa Arab. Umpamane: barak, seruwal (teka sirwalun), sereyat (teka syariat). Ditulise nganggo aksara Arab pegon, maksude aksara Arab hang nyeliwah hing kaya aseline. Merga hing ana aksara /p/, /ng/ umpamane, dadi hang ditulis /fa/ lan /ghain/ hang diwani titik telu nong ndhuwure. Masiya kawit-kawitane aksara Arab pegon iki dienggo nulis lontar lan cerita hang ngemu ajaran Islam (Lontar Yusup, Suluk Sudarsih, Ahmad Muhammad), akeh pisan lontar-lontar hang dudu nggawa cerita Islam ditulis pisan nganggo aksara Arab pegon iki. Umpamane Lontar Sritanjung.
Hang nomer telu, basa Landa. Kadhung ndeleng sejarah, mula bangsa Inggris wis sulungan mampir nong Belambangan (Ulu Pampang) kanggo ngisi perbekalane kapal dagange, timbangane bangsa Landa, taping setemene sipate mung mampir. Ring mburi-buri Inggris mbangun Inggrisan taping hang bener-bener njajah ya Landa.
Merga suwine Landa nguwasani Belambangan, hang terang sakat kutha Banyuwangi diedegaken taun 1773 sampek taun kemerdekaan 1945, akeh ucap silihan teka basa Landa. Mung mula jaman saiki, wong-wong hing patiya kenal ambi basa Landa, malah lebih kenal basa Inggris hang nduweni ucap-ucap hang emeh padha ambi basa Landa. Dadi aja gampang nggawe kesimpulan gok ucap-ucap iku disilih teka basa Inggris.
Mangkane bener tah silihan ucap iku teka basa Inggris, hang hing patiya suwi nong Banyuwangi dibandhingaken ambi wong Landa? Wong hang bisa basa Landa (paran maning basa Landa lawas) lan basa Inggris kudune lebih bisa mbandhingaken. Dadi kudune ati-ati kadhung nyimpulaken gok ucap basa Using iku silihan teka basa Inggris utawa teka basa Landa.
Adres (Basa Landa: adres dudu Basa Inggris: address )
Buku (BL: boek dudu BI: book)
Kelir (BL: Kleer dudu BI: color)
Papir (BL: papier dudu BI: paper)
Pos (BL: post, masiya BI ya: post)
Paran maning hang wis kewela-wela basa Landane beda seru ambi basa Inggris:
Buncis (BL: boontjes, BI: bean)
Gorden (BL: gordijn, BI: curtain)
Handuk (BL: handdoek, BI: towel)
Kantor (BL: kantoor, BI: office)
Kulkas (BL: koelkast, BI: refridgerator/fridge)
Patelut (BL: potlood, BI: pencil)
Plafon (BL: plafond, BI:ceiling)
Resliting (BL: ritssluitting, BI: zipper)
Taplak (BL: tafellaken, BI: tablecloth)
BH (BL: Bouste Houder, BI: bra)
Embuh maning kadhung iku ucap-ucap anyar hang barange durung ana tepak jaman Landa. Umpamane: tipi (tv), henpon (handphone), paran maning basa Indonesia saiki nyilihe lebih parek nyang basa Inggris timbang Landa. Lan sithik-sithik, silihan ucap teka Landa akeh hang ditinggal.
Ana pisan basa liyane hang nyilihi ucap-ucap ring basa Using, umpamane basa Bali (sing, bojog, belog), China (nyen, sipoa), Melayu (nak, lekas, putus) lan liya-liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Suparman Herusantosa, 1987, Bahasa Using di Kabupaten Banyuwangi, UI disertasi tidak diterbitkan; Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia; Loan Worda in Indonesian and Malay
Editor: Antariksawan Jusuf