Ucapan Selamat Para Artis Ring Dina Dadine Ikawangi Balikpapan
Arif Sugiono (dipublikasikan pada Senin, 19 Oktober 2020 08:04 WIB)
- Laporan
Para artis Banyuwangi milu ngewani ucapan lan donga nong dina dadine Ikawangi Balikpapan hang kaping 34 hang uga tepak dianakaken pelantikan pengurus anyar dina Sabtu 17 Oktober sore.
Manggon noring Ikawangi Community Center Balikpapan, iwuh iku ditekani Walikota Balikpapan hang uga warga kehormatan Ikawangi Bapak Rahmad Mas'ud lan uga Ketua Paguyuban Se Balikpapan Bapak Leo Sukotjo.
Ring sambutane Rahmad Mas'ud negesaken gok dadi pengurus iku minangka amanah lan titipan hang kudu dilakoni kelawan rasa tanggung jawab.
Mas'ud uga nyampekaken perlune njaga sipat rukun ambi suku, budaya lan agama liya hang ana ring Balikpapan, dadine akehe perbedaan iku malah bisa dadi kekuwatan kanggo mbangun Balikpapan makene tambah apik.
Mas'ud ngomong gok njaga generasi mengarepe kelawan njaga pendidikane lare-lare ring lingkungan keluwarga uga penting pisan, utamane pendidikan umum lan pendidikan agamane. Dadi mengarepe, generasi sak teruse bisa dadi generasi hang bisa diandalaken, jare Mas'ud.
AKBP. H . Suyitno SH. MHum, minangka Ketua Umum Ikawangi periode 2020-2023 hang buru dilantik ngarepaken kabeh warga Ikawangi milu mbangun Balikpapan. Suwene iki Ikawangi wis akeh nduwe sumbangan utamane ring seni budaya hang makili Balikpapan ring pirangane misi kebudayaan.
Ring iwuh kanggo ngengeti dina dadine kaping 34 iku uga dianakaken pagelaran seni Banyuwangi hang ditampilaken ambi Sanggar Sritanjung binaan Ikawangi. Emeh kabeh kesenian Banyuwangi manggung ring kono kayata tari Gandrung, Kuntulan lan Janger.
Sakliyane hang ana ring genjot, akeh artis-artis hang ngewani ucapan lan donga liwat pideo, kayata Cak Percil, Danang, Demmy lan Wandra. Hing kelalen ucapan lan donga uga digelontor teka dulur-dulur Ikawangi teka panggonan sak nusantara malah teka negara manca pisan.
Iwuh iku ditutup kelawan motong tumpeng lan madhang bareng wong-wong hang nekani acara.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor






