Ukawangi Ngetap Wulu Milu Mbangun Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 26 Mei 2021 10:41 WIB)
- Laporan



Alumni Institut Teknologi Bandung (IA-ITB) hang asal Banyuwangi tap-tap wulu arep milu mbangun Banyuwangi kelawan cara hang saya terorganisir.
   Tanggal 24 Mei sore IA-ITB wis ngetokaken Surat Keputusan No. 003/SK-IAK/PP.IA-ITB/v/2021 hang ditandatangani ketuane pak Gembong Primadjaja gok Ukawangi (Unit Kebudayaan Banyuwangi) minangka salah siji anak organisasine hang bisa koordinasi langsung ring pusat, hing ngeliwati unit hang ana ring Jawa Timur.
   Ketua Ukawangi, Beny Yusron (SI 98) ngomong gok setemene alumni ITB sedurunge wis akeh hang ngelungaken bantuwane kanggo mbangun Banyuwangi.
"Taping liwat organisasi iki lebih ana koordinasine," jare lare asal Lateng Banyuwangi hang tau dadi ketua Ludruk ITB taun 1999-2000.
   Ukawangi nduweni bidang-bidang kegiyatan kayata Budaya, Rekreasi dan Olahraga, bidang Pengembangan Kemasyarakatan dan Sosial, bidang Pendidikan, bidang Kewirausahaan dan Bisnis, bidang Pengembangan Profesi dan Pelatihan.
"Dadi engko umpamane ana pelatihan kelendi dadi youtuber hang bermanfaat kanggo Banyuwangi. Bisa ana seminar online soal geologi. Mbukak wawasane lalare Banyuwangi bab donya kerjaan kaya paran, ana pelatihan kepemimpinan, bersih-bersih Ijen lan liyane," tambah Beny. Hang uga hing kalah penting ana pisan sharing pengetahuan, apuwa mesthi melebu jurusan Sipil, jurusan Geologi lan jurusan liyane kanggo lalare sekolah ring Banyuwangi makene lebih melek jurusan paran hang cocog kanggo iyane kabeh.
   Ring struktur kepengurusan ana aran-aran hang wis kawentar ring wong Banyuwangi lan ring antarane anggota Ikatan Keluarga Banyuwangi. Kayata kang Arief Yahya (EL 80) hang tau dadi menteri Pariwisata lan sedurunge dadi dirut PT Telkom, ana kang Suhaili Yalin (MS 81) hang kapanane wis aktip milu mbagi kelambi hazmat kanggo perawat lan dokter ring pirangane rumah sakit lan puskesmas ring Banyuwangi. Ring Dewan Pakare ana kang Abdul Bahri (GL 90) Ketua Ikawangi Bandung.
   Saiki ana lebih 200 lare asal Banyuwangi hang lulus teka ITB.
   Hang ana ring agendane Ukawangi saiki, arep silaturahim nang Ikawangi Pusat, ngenalaken organisasine lan kelendi bisa nggawe iwuh bareng hang nduweni manpaat kanggo wong Banyuwangi.

Poto: Ketua Ikawangi Beny Yusron (kiwa) ambi Ketua IA -ITB Gembong Primadjaja

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor