Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 27 Juli 2025 07:07 WIB)
Ulin Ulih Silur (Cerita Cendhek, bagiyan 1)
Mercing-mercing lan mbelkethut bathuke Ulin masiya wis ketinggulan cocor capile. Sikile ring ndhuwur pancadan sepidhah gentenan munggah mudhun. Kempole taker kerasa ngatos-atosaken, aju kempis-kempis pisan ambegane. Kaose Ulin singset digandholi Ulul—adhike ana ring mburine. Mungguha dalane temurunan, kari semelondor bain. Sithik engkas gadug puthukan wit asem, kari biluk nengen, aju liwat pertelon Warata, ngaloraken. Emeh parek, emeh parek, gedigu bisike Ulin.
Sipat soren Ulun sepidhahan nututi embah adone nyang sawahan. Ambi nggonceng adhike, ban sepidhahe Ulin nggiles lurung Cungking sampek Boyolangu. Emane bain, sing kariya adoh. Paran maningan, bisa ambi ndileng sepur liwat. Sing kuwat mancad sak mareke pangklang merga dalane wis munggah, sepidhahe dituntun lan adhike nulungi nyurung.
Nana hang ngongkon, meneng-meneng Ulin dhemen milu tandur-tandur. Iyane hing kathik diabragi kanggo ngerumat tandurane. Nyirami, kari ngangsu nyang kalen. Gok ngemes, kari njaluk sithik nyang embah adone. Lanjaran, ya kari nancepaken. Dak ana hang pokleh utawa alum, kari nyulami.
Asale Ulin milu dhemen tetanduran, merga sekaken nyang embah adone. Angger taun bangete arep selametan Amin Pikin, peret Mbah Adone kudu mubeng Tembakon, Glagah, Andong lan Mondoluko, golet uba rampene. Terong putih, kara putih lan manisah putih—embuh sakat engkapan—wis angel ulihe. Nana wong Cungking hang duwe cawisane. Paran maningan, emeh kabeh latar ring Cungking dadi umah. Mungguha ring bentur lan latar ngumahe dhewek-dhewek ana perujukane, ya keneng dadi cageran.
Aju Ulin lancaran. Tuku winih liwat online, ring toko oren. Yong sembarang-mbarang ana. Wiji kara putih, terong putih lan uwohe manisah putih hang tuwek. Embuh sampek bisa asil tah using. Adone nggeningaken bain nyang paran-paran hang dilakoni lan dikarepaken putune.
Ulin digeningaken nguled lemah, kompos lan sekem dhewek. Junjung-junjung polybag dhewek. Kabeh ditandhangi dhewek ambi kala-kala ngered adhike. Masiya tah sambatane adhike iku gedhi cilik.
Winihan manisah putih wis nyelolor, dipelanggeraken nyang pagerane pondhok. Kara putih ya semunu uga, dipelanggeraken nyang uwit santenan. Serehne terong, ditandur ring polybag. Sampek gadug ring salah sijine soren, Ulin jinja-jinja girang kaya mari ulih picis tebluk teka kapal miber. “Don, Adon! Teronge Ulin metu kembange!” abane Ulin seru gayape.
Mubal-mubal weleke geni, mawa ngobong suket garing. Latune miber melamuk kaya gerigis. Ulin mbalekaken siwur lan timba nyang pondhok. Ring kedhokan liyane, Adon mbecikaken kulot hang coplok ring lemah guludan. Sunduk dikethem sedheng tangane mbedholi perujukane suket ring antarane wit terong ungu. Mari nulungi nyiram tanduran embah adone, sing lali Ulin nyirami tanduran teronge hang wis mangkat mucil. Kembange pating meletik putih mekrok.
Ring peripitan galengan, Ulin aju ngepos lungguh silah sing kathik lemekan paran-paran. Tangane sedhakep, matane merem, api-api mertapa, merga arep nggeridho adhine. Ulul nyekel pucuke suwekane kulot aju ditangkebaken nyang gulune. Wis kaya superhero, iyane mara nyang kakange. Lengene kakange aju diguthit merga meneng lan hing ubah.
Merga kakange hing ngelisik, Ulul melaku langkah tegap ambi sepisan pindho ngiblasaken kulot superherone gadug ring bucu. Liwat galengan, ngaloraken, ngidulaken.
“Haaa....” gacahe Ulin ngagetaken adhike taker kelumah. Ulul nangis kemisinen. Gupuh-gupuh Ulin ngenengaken, merga dhung rungu embahe, aju dikon mulih sulung gulakane hing uman ndileng sepur liwat. Ulin aju nggiring adhine balik pondhok. Runtung-runtungan keloron rada ambi siwuk. Pelayonan gelis-gelisan gadug.
“Yey, menang!” abane Ulul aju munggah pelanca, rumangsa gadug sulungan. Nana pecake lare nangis mari kelumah mauka.
“Baleni maning, ayo kadhung wani!” balese Ulin kempis-kempis neja nantangi, ngosrohi adhine. Tangane njunjung ketel, aju nggelogok banyu. Matane temuju nyang selolorane kara lan manisah hang godhonge saya ngerembek, pucile ya pating nyeruntul.
Ulul aju nyoploki kulot ring gulune, kerasa ongkeb. Mari nyucup banyu, iyane mudhun pelanca nututi kakange. Meripate gayap weruh papahe gedhang nggelethak. Paran maning, ana kari godhonge ring pucuke dadi kaya gendhera.
“Dhik, sepure emeh liwat! Gancang!” abane Ulin ngeliyakaken adhine merga papahe gedhang dipecut-pecutaken nyang selolore manisah lan kara. Ulul pelencogan nggape, kaya arep nyeragut pucil-pucile. Dhung digeningaken, bisa rontog. Seru tangar kupinge Ulin nangkep sengunge sepur muni wanter marek-marekaken. Ulul jinja-jinja ning galengan nyadhari sepur Sritanjung teka kidul.
“Pak masinis, daaa-daaaaa!” Keloronan lembeyan tangan, dhadha-dhadha nyang sepur hang temuju nyang setasiyun Ketapang.
***
Teka cendhela kamar, gilap katon cepretan. Udane gemerujug, kaya kendhi hang ditekek, kemeloncor. Geludhug neka-neka, mecuti mega. Angin ya milu neba, nggarai banyu udan temiyung merana-merana.
Ulul semuntel ring ngisor kemul, singset nggandholi tangane kakange. Matane angel dimeremaken, mung turu-turu pitik. Paran maning iki malem Jemuwah. Kadhung ana mbah adon, mestine Ulul didhongengi aju gelis kesirep. Mungne, wis rong bengi iki, embah adon nginep ring Tembakon kana. Masiya buru rong bengi, Ulul keranta-ranta.
“Don, ale ring sawah yara akeh godhong gedhang,” uneke Ulin bangete embah adone pamitan sakdurunge mangkat. Embahe mung semaur cendhek, wis weluri, abane.
“Gedhang Keluthuk akeh, Lik. Munggone arep olah rujak janganan. Butuhe gedhang Raja...” semaure Adon angger taun bangete ditakoni Ulin.
Cethuwooor... dhet. Geludug cemethor maning. Damar kaya keneng semprong, kebes. Ulul mejinjiten tambah jangget cekelan tangane kakange. Kamar peteng dhedhet. Udan saya nderes-nderesaken. Ulin aju mbisiki adhike, setan dhung malem Jemuwah padha dicancang. Gedigu Ulin nirokaken adone.
Pithil-pithil sayur, gawe takir, ngenceti bawang, gawe ancak, methetheng pitik sampek gawe semat, mesthine adone dhikut temenan ring Bale Tajug. Ulin maksa matabe gena kesirep. Enget gemelantonge manisah, terong lan karane. Kisuk wayahe ngundhuh lan manen jangangan, ngelipuraken atine.
Ana sambungane...
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Ilustrasi AI
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)