“Ulupampang Menanam” Nyambangi Sejarah lan Narasi Jaman Bengen

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 04 November 2020 06:25 WIB)
- Laporan



Limang desa arep ngelakoni kegiyatan aktualisasi desa hang digelar liwat pirangane wadhah hang diarani “Multiple Platform”, dikawiti teka desa Tembokrejo Muncar ring tanggal 1 Nopember 2020.

Multiple-platform iku arupa strategi ring sistem operasionale hang nyebaraken siaran kelawan maneka rupa media liwat siji platform hang gedhi. Carane media siji mau disambungaken nyang njero kawat (online) teka jaringan pusat.

Nurut Abi ML, hang dadi pimpinan Produser, program multiple-platform iki diweni aran “Ulupampang Menanam”, hang dikarepaken yaiku bisa ngeraketaken hubungan Blambangan Jawa-Eropa kelawan Ulupampang hang dadi puser jaringane. Ulupampang iki aran lawas pelabuhan hang saiki arane Muncar. Sakat jaman kerajaan Belambangan bengen Ulupampang/Muncar iki wis dadi pelabuhan internasional hang disendheni kapal-kapal gedhi teka negara manca kayata Inggris lan Landa. Nong kene uga akeh pejuang Perang Bayu hang mati disilepaken ambi Landa.

Limang desa jaringane iku antarane: Bayu, Glenmore, Tembokrejo, Kampung Mandar, lan Singonegaran, hang dadi panggonane nyolok sumbu ngurupaken jaringan media iku mau. Narasi iku perlu kanggone desa-desa supaya meruhi sejarah bengene lan kedadeyan ring dina mengarepe.

Hang dadi tema kegiyatan iki yaiku aktivasi desa kanggo nggoleti lan njugeri peta-praktik politik Blambangan Jawa-Eropa nganggo usaha desentralisasi narasi; iki penting kanggone nyuda konflik identitas, gediku kaya hang ditulis ana ring katalog kegiyatane.

Kang dikarepaken, kegiyatan iki kepingine nguweni dampak jenggirate desa kelawan masyarakate ring lingkup sejarah lan panggonan ring desane dhewek makene bisa ngedohi konflik identitas iku mau.

Ring dina Ahad, 1 Nopember 2020 iwuhe dikawiti Ritual ana ring Tembok Rejo aju diterusaken ambi diskusi sejarah kemaritiman hang nganggo narasumber Dr. Sri Margana ana ring pendapa Setinggil desa tembokrejo muncar. Ring kene Sri Margana hang ahli sejarah Blambangan kelawan disertasine hang didadekaken buku Perebutan Hegemoni Blambangan lan Dekan Fakultas Sejarah Universitas Gajahmada Yogyakarta mung bisa nganggo jalur virtual konperensi teka kadohan.

Senin, 2 Nopember gelar kawitane nganggo Pameran Arsip Banyuwangi Tempo Doeloe (BTD) lan Musik Tradhisional teka Lalare Orkestra Banyuwangi ana ring Situs Setinggil Tembok Rejo. Naming kerana saiki magih ana ring mangsa pageblug sapa bain bisa ndeleng liwat jalur njero kawat (on-line).

Ring kene ana jadwal kegiyatan “Ulupampang Menanam” hang digagas lan difasilitasi Bidang Kebudayaan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan bersama Studio Klampisan Banyuwangi 1-13 Nopember 2020.

1. Menanam #1: Tembokrejo dan Kemaritiman

Tanggal 1-2 Nopember Tembokrejo D-1: Pembukaan Pameran Arsip, Diskusi Sejarah & Kemaritiman D-2: Pameran Arsip, Pertunjukan Musik Tradisi.

2. Menanam #2: Explore Glenmore Export Tanggal 4-5 Nopember, D -1: Pembukaan Pameran Media Baru, Diskusi Tata Kota & Agribisnis, D-2: Pameran Media Baru, Pertunjukan Dialog Tari

3. Menanam #3: Industri 0KM Singonegaran 

Tanggal 7-8 Nopember D-1: Pembukaan Pameran Sastra, Diskusi Sastra & Antropologi, Pertunjukan D-2: Pameran Sastra & Pertunjukan.

4. Menanam #4: Migrasi Mandar, Kampung Mandar 

Tanggal 10 Nopember D-1: Diskusi Maritim & Kebudayaan, Pertunjukan Husus.

5. Menanam #5: Pulang ke Bayu 

Tanggal 12-13 Nopember D-1: Pembukaan Pameran Arsitektur, Diskusi Sejarah & Arsitektur D-2 Kolaborasi Pameran Arsitektur & Lawaran.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Antariksawan Jusuf