Unggah-Ungguh ring Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 18 Maret 2023 10:45 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Wis kawentar kadhung basa Using lakune emeh madhani basa Jawa kuna timbang madhani nong basa Jawa (modheren) baku hang nggatekaken status sosial wong hang diejak ngomong (Cara Using dan Besiki: Catatan Antropologis, Andang Subaharianto, 2002).
   Basa Using hing kenal hirarki basa, naming wong Using tetep nduwe cara ngurmati wong liya yaiku nganggo pilihan ucap hususe nong pronomina (kata ganti orang).
   Rasa hurmat diduduhaken ring conto:
1. Sira duwe picis?
2. Rika duwe picis?

Jare Pak Andang, ngutip Zainuddin (2001), rong ukara hang persis padha kejaba ring pronominane, nduduhaken santun basa ring wong Using.
   Bedane mung ring pronomina lan sing ana ring ucap liyane, kaya ring kata kerjane (adverbia) hang biyasahe dadi ciri ring basa hang kenthel tingkat tuture. Biyasahe dudu merga status sosiale taping merga beda umur lan hubungan kekerabatan.
   Pronomina orang pertama kelebu isun (lan variasi bebase ihun), sun, hun, ihen, iyen, awak, awakisun, kula, kene, engkene. Orang kedua:  sira, rika, ndika, kono, engkono. Lan orang ketiga: iyane, kana, engkana, rika kabeh.
   Maksude variasi bebas yaiku uni hang beda taping hing ndadekaken uwah artine, kaya isun-ihun, sore-hore lan liyane (Bunyi-Bunyi Distingtif Bahasa Jawa, Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka, 2011).
   Naming merga serawung ambi wong Jawa umpamane celukan bu, bik, pak, (pa) man. Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Kang Hasan Basri nduduhaken kelendi hurmate wong-wong Mangir nyang Gandrung Misrati (Isun Gandrung, SKB 2022) kelawan sebutan "Bu Mis". "Masa ana hang nyeluk Bik Mis. Isun ya nyeluke Bu Mis," jare Kang Hasan tepak acara bedhah buku ulan Nopember taun kepungkur. Sebutan "Bu" nduduhaken kok Gandrung Misrati dadi gandrung hang posisi sosiale terhurmat, jare Kang Hasan.
   Bu Mis dikawin ruwahe Pak Hasan Ali hang kala semono dadi kepala bagian Kesra ring Pemerintah Kabupaten lan tau dadi Ketua DKB uga. Masiya marek dikawin hing ulih maning munggah genjot ambi PakHasan, iku cerita liya.
   Kadhung ndeleng jumlah ucap hang ana ring kamus hang disusun Pak Hasan, Kamus Using-Indonesia) kira-kira ana 24.000 ucap (masiya perlu akeh hang ditambahi), hang kelebu besiki (kaya cara krama ring basa Jawa) mung ana kurang teka 1.000 ucap, kudune generasi Using wis nyadhari kadhung nganggo basa Using, sopan lan singe ngomong dudu ditamtoaken ambi akehe ucap besiki. Nong basa Using, panggonan sosiale wong iku padha.
   Jare Pak Andang hang saiki dadi rektor Untag Banyuwangi, atribut sosial hang temepel ring uwong dudu rujukan kanggo ngatur kelendi wong milih ucap-ucap. Bedane pangkat, umur, lanang-wadon, hing ngelairaken hirarki tepak nganggo basa.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor