Unting-Unting Rujak Kecut ring Baluk
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Senin, 11 September 2023 08:22 WIB)
- Laporan

Nong ndhuwure meja gedhe wis akeh tumpukan piring kang isi sega lan iwake. Nong ndhuwur meja liyane ana tumpukan kobokan cilik isi rujak kecut lan jenang bedhil uga jajan. Serta Jumatan bubar, jamaah kelawan tertib padha milih suguhan kang wis disedhiyakaken. Sing sepira suwi rujak kecut, jenang bedhil, lan jajan hang disiyapaken wis padha gemet. Taping akeh-akehe sing mara-mara njuwut panganan iku sulung, para jamaah njuwut segane sulung kang dina Jemuwah sore iku rupa sega iwak tempe, pelasan, sambel, lan jangan kelor. Hawa panas kemelethak madhang nganggo jangan kelor, ditambah seger-seger kaya ombenan es cao, es sokelat, lan es Nutrisari, aju njuwut gurahe kaya jenang bedhil lan rujak kecut, kelompok emak-emak hang gabung ring kelompok Unting-Unting padha ngucap sukur merga sega hang disiyapaken kira-kira 350 piring lan gurahe, ludhes puput.
Dina Jemuwah sedurunge Jumatan, ring pelataran masjid kelompok Unting-unting wis padha megiyet, nyiyapaken panganan kanggo para jama’ah. Ana kang nyiyapaken ombenan, ana kang nyiyapaken sega piringan, lan ana pisan kang madhahi rujak kecut utawa jenang bedhile. Kadhung wis siyap kabeh, emak-emak padha mulih engko kang tugas ngedumaken nyang jamaah diganti apak-apak kang teka Lazismu, takmir masjid Al Furqon, lan Muhammadiyah Ranting Kebalenan.
Ring saben Jum’atan, kang aran rujak kecut sing tau lali polae gurah rujak kecut iki wis angel anane. Dudu kerana woh-wohane kang mbidakaken rujak gawenane emak-emak kelompok Unting-unting iki taping werake kang dienggo werak lirang gawenane dhewek sedheng gula jawane nganggo gula aren. Kadine rujak kecut iki kang paling garus lan dianteni para jamaah. Paran maning hawane panas kaya gedigi. Rujak kecut mesthi kukut. Jare lare nom-noman saiki rujak kecut menu paporit. Kadhung macem segane sing mung iwak pelasan lan jangan kelor, saben Jemuwah gentan-gentun. Kadhang nganggo sega rames jangane tombol, kadhang ya nganggo soto ambi gurah nganggo podheng. Taping ya gedigu rujak kecut sing tau kari.
Endane sapa bain kang omes nyiyapaken panganan kanggo para jama’ah Jumatan ring saben dina Jemuwah iku. Temakaken kang nyiyapaken mulai kang olah-olah panganan sampek rujak iku emak-emak kang gabung ring Kelompok Unting-Unting. Kanggo pedagang bangsane welija, unting-unting biyasahe dienggo naleni utawa ningkesi janganan kang arep diedol. Contone terong, kadhung wis itungane sepuluh aju ditingkes dadi sak untingan. Janganan liyane kaya kangkung, pakis, bayem, utawa seladhah uga diuntingi makene wong kang tuku sing repot-repot lan kesuwen milihi lan ningkesi. Bida ambi welijaan, emak-emak ring Baluk Banyuwangi iki nguntingi janganan dudu kanggo diedol taping diedumaken nyang jamaah utawa kang mara nyang masjid Al Furqon Baluk. Jare salah siji pengurus, kelompok emak-emak Aisyiyah Baluk iki diarani kelompok Unting-Unting polae bengi sakdurunge janganan mau diedumaken, padha kumpul nguntingi janganan. Dadi saktemene emak-emak kelompok Unting-unting iki sing mung nyiyapaken lan nyedhiyani panganan mung kanggo jamaah Jumatan taping uga untingan janganan kanggo jamaah subuh ring masjid Al Furqon iki. Malah wis dijadewal pisan kapan ngedum untingan janganan. Kaya dina Senin, jamaah subuh bisa mulih nggawa untingan janganan, ditambah iwak kadhang iwak pitik, tempe utawa tahu. Njuwute, antara emak-emak ambi apak-apak wis didhewekaken makene sing sungkan. Dina liyane kadhang untingan jangan ambi endhog pitik. Engko ring dina liyane pisan kanggo sapa bain lare sekolah kang milu jamaah subuh ulih dum-duman picis kanggo sangu sekolah.
Sekabehe iku mau mung sakderma mbukak lawang amal kang mampaat dienggo wong liya.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.