Untung Wedhus Tah Untung Tukang?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 15 Juli 2024 07:30 WIB)
- Opini



Wis biyasah arane uwong iku akeh hang padha, tosene ring desa. Contone, aran Slamet, Buwang, Untung, emeh mesthi lebih teka siji ring kampunge utawa desane. Kadhung nyebut, nggoleti, utawa ngateraken soben-soben bisa salah alamat, bisa masang talang keliru gentheng. Munggane kudu disebutaken pisan titele, celukane.
   "Tumut taken, pundi geriyane kang Untung, Man?"
   "Untung sapa yuh, Dhik? Ring kene akeh aran Untung, Dhik. Ana Untung tukang, ana Untung penebas, Untung obos, Untung kither, ana Untung wedhus...?"
   Titel utawa celukan iku secara otomatis ditemplekaken ambi kanca lan tangga-tanggane. Sing kathik selametan jenang abang paran maning wisuda langsung disetujoni wong akeh, ditepakaken ambi ciri, sipat utawa penggaweyane. Iki mauka contone, hang nukang tah hang ngerawati wedhus? Contone gedigu.
   Iki emeh padha ambi nggoleti aran Amak ring Kampung Arab Lateng. Bisa-bisa dijawab: "Amak mana...di sini Amak ada sak temba..." (saking akehe).
   Ketepakan tukang kayunisun, hang nggarap umahisun, arane ya Untung, umahe Kedaleman, Kemiren. Iyane magih pernah ponakan ambi gandrung Temu. Wis lawas, taun-taunan tapi ya ana mandheg-mandhege, sing terus-terusan, semono taun nggarap kungsen, lemari, ban (piyan), lan liya-liyane hang teka kayu; taker kenal apik, biyasah guyon, akrab kaya dulur.
   Dhasare gawene mula apik, patheng, telikas; kadhang kaya kesusu-susu serang telikase. Ping pira tangane taker keneng tatah utawa liyane, sikile tau moncor getih merga kesandhung wira-wiri ring latar, embuh nyathuk paran? Ale isun sing tau ngawasi paran maning ngabragi. Wis dhasare, 'gawan bayine' mula gedigu.   
   Pawakane sih kelebu endhep ting jaya tenagane. Bengen kawitane tandang ring umah iyane keloron nyang kakange, suwi-suwi dhewekan bain - kakange nggarap ring liya panggonan. Isun dhewek suwi-suwi rasane ya abot mbayari akeh tukang, sampek masang plapon alias piyan teka sirap kayu kelapa ya dhewekan bain. Bisa iyane. Kuwat. Kadhang hun ungang katon sikile pisan enggo tandang. Sikile diangkat mendhuwur enggo nahan kayu alan-alane wong gingkang. Ketang hobine sepidhahan. Meneng-meneng kang Untung iki atlit galapan sepidhah. Ping pira milu Tour de Ijen. Jamane rame-ramene sepidhah bmx malah tau juwara. Cilik ting jaya.
   Suwijine dina tepak nyerut kayu - kintel lan alat-alat liyane wis modheren nganggo listerik - katon digesahi anak lan wong wadonisun, tepak ngarepaken lebaran aji, temune enak mbahas wedhus. Isun sing pati kerungu gesahe merga tepak rada adoh. Kok mara-mara jak telu iku pating cekakakan? Ngguyu paran endane? Paran hoee?
   Eh, ketang wong wadon iku embuh apuwa biyasah salah ngomong. Masa cepapoan tah! Durung weruh isun arane, istilahe. Contone, misale arep ngongkon anak 'juwutena piring ring rak', metune iku 'juwutena ring kulkas'; karepe ambi metune ngomonge iku nyelewar; nyang kamar dadi nyang pasar. Embuh apuwa endane? Nana kabeh dadi padha kepiyeng gemuyu, kelebu iyane dhewek. Ya ambi gumun dhewek. Kok bisa melayu merana isun ngomong, jare. Akeh, sampek lali kabeh isun kepelucute omonge iku.
   Hang sing bisa lali ya tepak iku. Enak nggesahaken wedhus, katon seriyus, wong wadon karepe sing setuju ambi penemune kang Untung. Karepe arep muni 'Using, kang Untung!', sing kerasa metune:
"Using, kang Wedhus...!"
   Hah! Woh! Sakat iku saben kecaruk Untung nong endi bain, hang mesthine titele, nyeluke Untung tukang, dadi nyeluk: "Kang wedhus...!"

Iskak Basuki

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Iskak Basuki

Editor: Hani Z. Noor