Upek-upekan Ndeleng Barong, Dienggo Paran?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 12 April 2024 08:52 WIB)
- Laporan



Masiya wis ping-kaping kaping ndeleng arak-arakan tradhisi Barong Ider Bumi, naming ya nana kewelehe. Iku merga uwong-uwong hang nyeja dhirik lan upek-upekan nong sak dawane dalan Kemiren iku sing mung sak derma ndeleng Barong diarak, naming ya ambi dienggo ajang silaturrahmi lan ketemuan ambi kanca-kanca, dulur lan para kenalan hang padha teka nong acara tradhisional hang dianakaken saben lebaran rong dina ambi Masarakat Using Desa Kemiren. “Hing ana bosene. Pokoke emeh saben taun Isun nyempataken ndeleng acara arak-arakan iki,” jare Shinta, wong asal Desa Rogojampi hang wis suwi manggon nung kutha Surabaya.
   Miturut sesepuh adat Desa Kemiren, Tradhisi Barong Ider Bumi iki wis dianakaken nung Desa Kemiren sakat rong atus taun kepungkur, yaiku antarane tahun 1840-an. “Ya arane weluri adat. Dadi ya kudu tetep dijaga lan dirumat, aja sampek ilang kegiles jaman,” jare Pak Suhaimi, Ketua Adat Osing Desa Kemiren
   Jare pak Suhaimi, tradhisi Barong Ider Bumi iku minangka salah sijine weluri adat hang terus dijaga ambi Masarakat Using Desa Kemiren. Sak liyane iku, akeh tradhisi-tradhisi adat liyane hang magih diuri-uri minangka tinggalane para leluhur. Kaya dene, Selametan Tumpeng Sewu lan Selametan Sumber (Nyelameti Sumbere Banyu).
   Ngenani tradhisi Barong Ider Bumi, jare pak Suhaimi, iku dianakaken minangka ihtiyare masarakat dienggo nulak belahi (tolak-balak) kayata pageblug lan sak piturute. “
   Jare cerita turun-temurun teka uwong-uwong tuwek bengen, kawitane Barong Ider Bumi iki bengen dianakaken merga nung telatah Belambangan iki akeh pageblug. Akeh wong padha lara kadheman. Isuk lara sorene ninggal donya. Bengi lara isuke ninggal donya. Gedigu sak teruse, sampek atusan wong hang ninggal donya. Sakliyane iku, uga akeh hama penyakite tetanduran sampek sing kober dipanen,” ujare Pak Suhaimi.
   Ngedhepi kahanan hang kaya iku mau, jare pak Suhaimi nerusaken ceritane, salah sijine sesepuh Desa Kemiren aju nganakaken tirakatan nung kuburane Buyut Cili, salah sijine leluhur Desa Kemiren. Sak marine tirakatan, sesepuh Desa iku aju ulih wangsit hang teka liwat impen. Nung njero impen iku, Buyut Cili njaluk supaya warga nganakaken selametan kelawan ngarak Barong keliling desa minangka enggo ngusir pageblug hang ngancam keselametane warga.

    “Ujare cerita teka para buyut bengen, ya gedigu iku kawitane, hang terus dianakaken ambi warga sampek saiki iki. Dadi para warga iku ngarak Barong keliling desa ambi diwacakaken Lontar Yusup,” jare Pak Suhaimi.
   Sesepuh Adat Desa Kemiren liyane, yaiku (Alm) Pak Serad, uga tau cerita ngenani Barong Ider Bumi iku. Ujare Pak Serad, acara arak-arakan Barong iku dikawiti nong ngarepe balai Desa ambi ditabuhi angklung minangka ngundang supaya warga ngumpul. Serta wis akeh warga hang kumpul, Barong aju digawa ngetan nang watese desa. Teka watese Desa nung wetan iki, barong aju diarak rame-rame Nyang watese desa hang nong kulon.
   Rombongan Arak-arakan iku hang nung ngarep dhewek yaiku para sesepuh desa hang melaku ambi mondhong bokor hang isine beras kuning hang wis diendohi picis-picis kenthing ambi kembang hang wernane akehe sanga. Sak dawane dalan hang diliwati, isine bokor iku mau aju disembur-semburaken nyang uwong-uwong hang ndeleng teka pinggiran dalan, hang diarani; Sembur uthik-uthik.
    Miturut ceritane Pak Djohadi Timbul, sesepuh adat liyane, picis kenthing hang ana nung njero bokor iku bengen akehe Rp 99.900. Picis-picis kenthing iku ulihe urunan teka warga hang diarani Mupu. “Naming nung jaman-jaman saiki iki picis kenthinge ya saya akeh, merga kabeh warga padha kepingin nyumbang,” jare Djohadi Timbul.
   Nung mitologi Masarakat Using Desa Kemiren, Barong minangka ‘simbol’ utawa ‘lambang’ keapikan hang nduweni kekuwatan nggo ngusir roh-roh jahat. Masarakat Using Kemiren percaya gok tepak dianakaken arak-arakan iku Baronge disusupi ambi roh para leluhur. Merga iku, sak marine ngarak barong iku masarakat percaya noring wektu setaun mengarepe bakal selamet teka sembarange belahi-donya lan pageblug. Arak-arakan barong Ider Bumi iku dipungkasi ambi acara selametan hang digelar nung sak dawane dalan desa.

 (Eko Budi Setianto)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor