Using Keminggris

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 28 Oktober 2019 15:46 WIB)
- Opini



Amite. Using tah, paran salahe basa Using utawa basa Indonesia, kari seru disepelekaken tepak nggawe aran acara, panggonan tah aran hadhiyah ring Banyuwangi. Kari lebih dhemen keminggris.

Ya, makene wong-wong njaban hang sing ngarti basa Using tah basa Indonesia bisa milu ngarti paran acarane. Ya wis. Acarane utawa aran panggonane utawa aran hadhiyahe mula perlu dingerteni wong njaban tah? Kadhung acara internasional kayata acara balap sepidhah internasional, hang kira-kira tujuwane kanggo marekaken acarane nong wong negara njaban ya hing paran-paran.
   Hang katon wagal kadhung 1. Setemene acara, aran hadhiyah lan aran panggonan ini setemene kanggo dulur-dulur dhewek. 2. Kadhung basa Inggris hang dienggo miloni aturan lan arti basa Inggris hang bener ya hing paran-paran, kadhung cumpune luput, hang dikarepaken hing keneng, ya mung nggawe kewirangan.
   Tuladha hang pungkasan iku Penghargaan kanggo ruwahe Man Bashir Noerdian lan Pak Andang CY hang nerima Live Achievement hang dielungaken ring Pemda tepak acara Festival Gendhing Using 2019.
   Isun ngira hang dikarepaken mesthine: Lifetime Achievement (utawa kerep disingkat Life Achievement) hang maksude Penghargaan Seumur Hidup, yaiku kanggo ngakoni megiyet lan jasane (dedikasi) salah siji uwong hang sampek tutug uripe dientekaken kanggo ngetokaken kabeh rekadayane ring salah siji ilmu utawa kegiyatan.
Live lan Life nong basa Inggris adoh bedane.
1. Live iku kata kerja hang nerangaken kegiyatan."I live in Banyuwangi" 'Isun manggon ring Banyuwangi.
2. Live bisa pisan dadi kata sifat (adjektiva) nerangaken paran hang urip. "He trades live stocks" 'Iyane dagang kewan urip."
3. Kanggone siaran ring TV utawa radio, live artine siaran langsung utawa dudu rekaman sedurunge.
Kadhung Life iku kata benda hang artine urip (kehidupan).
Mula rada mbingungi polae bentuk jamak life iku lives.

Taping, sedurunge ana pisan judhul acara Kingdom of Blambangan ring BEC 2019 hang mesthine kadhung kata benda hang wis karuwan ring basa Inggris kudune diwani The. Emane magih nutut dibecikaken dadi The Kingdom of Blambangan. Endane kadhung nganggo judhul: Kerajaan Belambangan magih kurang apik tah? Kurang eh? Masiya kabeh wis weruh gok acarane iku hang dibiji iku isine dudu diksine.
   Ana pisan aran panggonan ditulis gedhi ring ndhuwure sasak Singomayan kapanane yaiku Kali Loo. Ana paran kathik aran Kali Lo ditambahi 'o' siji maning? Katon tambah sagah tah? Hing weruh tah kadhung 'Loo' iku artine padha ambi jumbleng. Malah bisa dadi guyonan gok Kali Loo iku setemene jumbleng dawa hang bisa diisingi uwong sak paran-paran sak dawane banyu. Emane wis dibecikaken.
Dadi aja pati keminggris tah, nganggowa basa Using utawa sak using-usinge basa Indonesia bain.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor