Uwah lan Ilange Ucap Pun
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 19 Agustus 2023 09:13 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Tepak nulisaken maning basa Using lawas, isun kerep nemokaken ucap "pun" minangka sebutan hang dienggo ring ngarepe aran wong.
Umpamane:
Pun Labu tumbas asiran kalih iji.
Pun Saliya punika benjang badhe kesah dateng sabin murugi singkal.
Ucap "Pun" hang dipiloni aran wong iki ukarane mesthi nganggo basa besiki. Nduduhaken istilah "Pun" iku jaman semono dienggo wong hang lebih tuwek utawa hang lebih dihurmati.
Conto gedigu akeh ring cathetane Pak Soedira taun 1920an (persise sakwise taun 1927 merga akeh referensi hang dienggo njuwut ucap-ucap iku teka disertasine J. W. Stoppelaar hang digawe tandha yaiku Stp.Bl. artine. Stp artine De Stoppelaar lan bl iku maksude Balambangansch Adatrecht. Kutipan-kutipan basa Using teka indekse).
Cumpu arti "pun" jaman taun 1920an iku rada nyeliwah teka aseline.
Digoleti ring kamus Jawa kuna-Indonesia hang disusun P. J. Zoetmulder, "pun" iku artine "kata ganti penunjuk orang ketiga, digunakan pada seseorang di kedudukan yang relatif lebih rendah daripada orang lain (yang disapa atau diceritakan)."
Kadhung ring grup FB Belajar bahasa Jawa Kuno, ucap "pun" uga dibahas ambi Aloysio Wisnu Budi Saputro.
Wisnu nulis ring basa Jawa kuna (Kawi) ana sebutan "sira" hang arti sakbenere "iyane kabeh" (mereka), naming ucap "sira" iki ring basa Using saiki artine wis uwah yaiku sebutan kanggo wong hang diejak ngomong (kata ganti orang kedua) lan teka wong tuwek nyang wong hang lebih enom utawa nang lare.
Cumpu ring buku anyar Pararaton (penerbit Javanica 2023) hang disusun ring Kang Heri Purwanto, "sira" uga dienggo kelawan arti "iyane" hang artine “yang terhormat”.
Buru ring jamane Mataram Islam, istilah “sira” dadi mung sukur “kamu” lan kadhang “ia” (kata ganti orang ketiga).
Umpamane: Sira Lembong; Sira Ken Angrok; Sira Danghyang Lohgawe.
Naming ana sebutan kanggo Arya Wiraraja, dudu "sira" naming “pun”.
Jare penulise, istilah “pun” iki minangka aluse teka istilah “ya” atau “ia” (basa Usinge: iyane) hang nggawe sandhi aju tambah “e”, dadi “pun”.
Mula, basa iku bisa uwah. Saben jaman artine ucap-ucap bisa nyeliwah teka aseline kaya "sira" mauka.
Cathetane Pak Soedira iki mula nyimpen ucap-ucap basa Using hang sak bagiyan wis hing dienggo maning. Umpamane, "buken" hang artine deles. Utawa, pangkat lan jabatan lawas kaya "denawa", "petinggi", "kuwu" lan liya-liyane.
Paran maning basa hang sing kecathet ring tulisan, saya gampang uwah artine.
Mangkane aja kaget seru kadhung ana tambahan arti utawa uwahe arti, merga uwahe basa iku wis dadi "pesthine".
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.