Warga Ikawangi Jabodetabek Banten Dipenging ngeret Aran Ikawangi kanggo Pilkada
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 16 November 2020 05:44 WIB)
- Laporan
Ketua Umum Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta Bogor Depok Tangerang Bekasi lan Banten (Jabodetabek Banten) menging wargane nggawa aran Ikawangi kanggo kepentingan politik pemilihan umum daerah (pilkada).
"Aja sampek aran Ikawangi dieret-eret ring kepentingan politik pilkada," jare Kang Bambang Sugiono tepak rapat ambi para koordinator wilayah Jabodetabek Banten Minggu sore.
"Kadhung atas nama pribadi ndhukung salah sijine calon ya hing paran-paran," tambah mantan walikota Jakarta Utara iki.
Tanggal 9 Desember engko arep dianakaken pilihan bupati ring pirangane panggonan, kelebu Banyuwangi hang saiki wis ana calone rong jodho. Nomer pilihan siji nampilaken pasangan Yusuf-Riza lan nomer pilihan loro pasangan Ipuk-Sugirah.
Masiya akeh hang wis hing nduwe KTP Banyuwangi, taping merga ngerasa magih parek ambi Banyuwangi, akeh warga hang mbara ring njaba Banyuwangi nduduhaken dhukungane kanggo salah siji calon. Lan mula bengkerengan merga politik iki bisa nggarai dhedhegane organisasi kaya Ikawangi hang wargane macem-macem latar politike.
Rapat Ikawangi hang dianakaken ring Rumah Makan Ikan Bakar Banyuwangi nong Rawamangun setemene ngomongaken Kartu Tanda Anggota (KTA) kanggo kabeh warga Ikawangi Jabodetabek Banten.
"KTA iki setemene wis digagas sakat 10 taun kepungkur. Muga-muga Desember kesuk iki wis bisa dadi," jare kang Bambang.
KTA hang arep digawe iki hing mung arupa kartu, taping nganggo e-money hang uga bisa digawe mbayar tol, belanja ring tukuk, mbayar parkir lan liya-liyane kaya adate kartu e-money. Taping bisa pisan minangka kartu diskon kadhung dienggo belanja ring tukuk-tukuk, restoran lan warung hang dadi rekanane Ikawangi kayata: Batik Paras Ayu ring Yogya, resto Ikan Bakar Banyuwangi hang ana ring Jakarta (25 persen) lan hang ana ring Banyuwangi (10 persen), Ayam Bakar Madu ring Kayuputih Jakarta Timur lan toko Busana Muslim ring Bogor. Kabeh mula usahane dulur Banyuwangi dhewek. Ikawangi liwat koordinator wilayahe arep terus nambahi jumlah rekanane hang bisa ngewani korting kanggo ewonan warga Ikawangi ring Jabodetabek Banten.
KTA iki nduweni masa berlaku limang taun lan sapa bain wong Banyuwangi hang nduwe KTP Jabodetabek Banten utawa hang nduwe Kartu Penduduk Sementara (Kipem) bisa amprah kanggo njaluk kartu iki lan ngganti ongkose gedhene seket ewu rupiah.
Ring rapat iku uga diumumaken gok pengurus Ikawangi Tangerang Raya (Kabupaten Tangerang, Kota Tangerang lan Tangerang Selatan) wis nyusun pengurus sementara sampek enteke wayah kepengurusan taun 2022, merga ketua sedurunge, Kang Purwanto, mundur.
Ketua Umum hang anyar saiki dijabat ambi kang Kahfi lan wakile ana loro yaiku kang Yurianto lan kang Krisna. Dene penasihate yaiku kang Gatot Subroto lan kang Sujiono. Sekretaris 1 dijabat ambi kang Marzuki lan sekretaris 2 kang Zen. Bendaharane ana telu yaiku mbok Heni P., kang Dhopir lan kang Sunalip.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






