Wargane Keneng Dampak Pageblug, Ikawangi Bandung Ngelungaken Picis lan Beras
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 19 Agustus 2021 08:30 WIB)
- Laporan
Paran hang dilakoni kadhung ndeleng dulur hang keneng dampak pageblug? Paling gampang ya ngelungaken bantuwan sembako utawa picis, kaya hang wis dilakoni Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Bandung.
Setemene, acara Peduli Covid iki wis dilakoni sakat taun sore lan taun iki buru dikawiti maning kira-kira wis sak ulanan, jare Wakil Bidang Sosial Mbok Titik Rahmawati nang belambangan.com.
Seperene hing mung beras hang dibagi naming kanggone hang kadheman, Ikawangi Bandung ngewani picis. "Umpamane hang rawat inap minimal telung dina, ulih sak juta. Sampek umur, keluwargane ulih sak juta setengah. "Malah kadhung hang lara hang itungane abot kene nambahi kelawan cara urunan, ana hang ulih sampek 10 juta," jare wong Glagah hang milu lakine pindhah nang Bandung sakat 1997 iki.
Program sedurunge mung ngewani bantuwan kanggo dulur-dulur hang keneng dampak ekonomi.
Bansos arupa beras wis dielungken lan dibagi nurut kelas-kelas hang wis diatur organisasi. Umpamane Kelas A iku anggota hang sasate hing ana pemasukan maning. Ana pitung wong hang saben wonge ulih 10 kilo. Kelas B, anggota hang magih bisa mangan taping wis hing ana orderan lan kerjaan maning, yaiku wong 21 hang diwani beras 7,5kg. Dene hang Kelas C, padha ambi hang B naming durung dadi anggota, diwani beras 5 kiloan.
Saben anggota iki mbayar iuran ulanan hang gedhine 10 ewu rupiah.
Kadhung tepak Halalbihalal, warga Ikawangi Bandung kira-kira ana 600an wong hang njumbul taping hang aktip dadi anggota mung ana wong 200an.
Ketua Ikawangi Bandung Abdul Bari liwat sambungan telepon ngomong gok iwuh Bansos Covid iki setemene wis dikawiti sakat taun sore. Taping tau mandheg.
Ikawangi Bandung dhewek minangka organisasine wong Banyuwangi ring Bandung wis sakat taun 1970an hang dimotori ring Pak Djuri. Aju suwi hing ana kegiyatan sampek diedegaken maning tanggal 16 Nopember 2013 lan didaptaraken nang notaris tanggal 31 Agustus 2016. Salah siji hang nyokong ubrete Ikawangi Bandung iki yaiku Kelompok Pelajar dan Mahasiswa Banyuwangi (KPMB) Bandung hang ngadeg sakat taun 1991. Sakat 2014, KPMB iki nduwe Unit Kebudayaan Banyuwangi hang diakoni resmi minangka salah siji unit kegiyatan mahasiswa Institut Teknologi Bandung (ITB). Kegiyatane ya pembinaan kemahasiswaan. "Kelawan seni, mahasiswa sinau berorganisasi," jare kang Bari, anake wong Temuguruh hang emake iku putune Kiyai Saleh Lateng.
Ambi organisasi KPMB teka pirangane universitas, KPMB Bandung saben taun nganakakaken Pameran Pendidikan hang intine ngewani semangat wong Banyuwangi makene nyekolahaken anake. "Makene masarakat bisa nduwe pemikiran gok pendidikan iku minangka lawang paling cepet kanggo nguwah nasibe uwong," jare kang Bari.
Kang Bari madeg dadi ketua sakat 2019 ngganteni pak Slamet Suprapto hang wis dadi ketua ana enem taun suwine. Nurut aturan organisasine, pergantian pengurus dianakaken saben telung taun sepisan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







