Waroeng Kemarang Ulih Sertipikat Kanggo Mbukak Panggonane
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 23 Juni 2020 07:47 WIB)
- Laporan
Ulan Juni iki mangsa PSBB (Pembatasan Sosial Berskala Besar) diganti ambi Normal Anyaran yaiku mangsa masyarakat bisa urip kaya normal biyasahe naming nganggo protokol kesehatan pencegahan penyebaran virus corona. Ring mangsa iki uga diarani mangsa transisi yaiku peralihan antarane mangsa PSBB nyang mangsa normal biyasah.
Ring mangsa Normal Anyaran ana sebagiyan hotel, restoran/homestay hang wis ulih dibukak maning, naming kudu ngewatesi akehe dhayoh hang teka. Sebab kelawan ngewatesi dhayoh iki bisa nggawe jarak hang aman saklawase ana ring hotel utawa restoran/homestay mauka.
Pemerintah Daerah Banyuwangi liwat Satgas Gugus Covid-19 wis nggawe aturan hang pasthi lan teges kayadene protokol kesehatan iki. Mula iku kabeh jujugan wisata Banyuwangi kudu lulus Uji Test Memenuhi Syarat Protokol Covid-19. Kadhung wis bisa nyukupi sarate destinasi wisata iku mau aju ulih sertipikat teka Pemda Banyuwangi arupa kertas hang diteken Bupati Banyuwangi. Kertas sertipikat iku unine Hotel/Destination/Homestay Telah sesuai protokol Coovid-19.
Paran bain hang wajib dilakoni makene ulih sertipikat iki, Wowok Meirianto hang duwe Waroeng Kemarang njelasaken yaiku kudu nyepakaken “Alat Pelindung Diri Pegawai” antarane kayatah: 1. Tongkos (Masker), 2. sarung tangan, lan 3. Topong (face shield).
Sakteruse dhayoh utawa hang marung ana ring restoran kudu, 1. nganggo tongkos kadhung sing nggawa disedhiyani destinasine, 2. diukur suhu awake nganggo thermo gun, 3. wesuh sedurunge melebu lan metu, uga nganggo sanitizer.
Hang aran pegawe hang dikarepaken yaiku kabeh sapa bain hang ana ring destinasi, mulai pegawe, tukang olah-olah hang ana ring pawon, kasir, sampek hang nggelar kesenian - penari sampek panjake - kudu miloni aturane protokol kesehatan. Iku kabeh saktemene dienggo nyegah penularan virus.
Anane topong sakjane iku sing wajib naming bisa dadi tambahan hang nguwati keyakinan. Naming kadhung dianggep ngganggu nyang pertunjukan, face shield iku mau ulih sing dienggo, naming masker wajib anggone sapa bain pemain, penabuh, lan penonton wis kudu maskeran, kaya hang wis dijelasaken Ketua DKB ana ring belambangan.com minggu sore ika. Naming Wowok Meirianto netepaken kabeh hang ana ring warunge kudu nganggo tongkos lan topong. Iku kabeh dienggo nyelametaken kabeh pegawene teka penyebaran virus corona iku mau.
Sing salah kirane kadhung Waroeng Kemarang sakteruse ulih sertipikat Hotel/Destination/Homestay hang wis miloni protokol Coovid-19 Normal Anyaran teka Pemerintah Daerah Banyuwangi. Njawab pitakonan kelendi gandrung hang ana ring Waroeng Kemarang? Wowok ngukuhi kabeh kudu nganggo tongkos lan topong, sakwetara kanggo gandrunge hang njuget mung nganggo topong bain makene katon unyike lan katon ayune.
Iki kanggo golet dalan tengah bain. Sepisan kesehatan kudu dijaga, hang kapindho ya kudu sing ngilangaken endahe rupa gandrung Banyuwangi. Kanggo iki Wowok nyatakaken dhung wis ulih konfirmasi teka Satgas Covid-19 kecamatan Glagah Banyuwangi. Lan iku kabeh wis kelebu protokol kesehatan pencegahan penyebaran Covid-19. Muga kabeh hang ana ring Banyuwangi iki selamet teka pageblug, gediku jare hang duwe Waroeng hang ana ring desa Tamansuruh iki mungkasi penjelasane minggu kepungkur.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Desa
Editor: Hani Z. Noor









